Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 20:33-39 Kitab Sutji (JAV)

33. Sang Prabu nuli nlorongake towoke marang Pangeran Yonatan arep disedani. Dadine Pangeran Yonatan mirsa, Yen kang rama wus mutus arep nyedani Sang Dawud.

34. Mulane Pangeran Yonatan jumeneng lan nilar papan bujana kanthi mulad-mulading dukane. Ing dina kapindho sasi anyar iku Pangeran Yonatan ora dhahar apa-apa, amarga panjenengane sekel galihe marga saka Sang Dawud, jalaran kang rama wus ngremehake Sang Dawud.

35. Esuke Pangeran Yonatan tindak menyang ing ara-ara kadherekake abdi cilik kaya kang dadi prasetyane marang Sang Dawud.

36. Pangeran Yonatan ngandika marang abdine: “Mlayua golekana panah-panah kang daklepasake.” Lagi bae abdi mau mlayu, Pangeran Yonatan nglepasake panah nglangkahi sirahe abdi mau.

37. Bareng abdi mau tekan ing prenahe panah kang dilepasake Pangeran Yonatan mau, Pangeran Yonatan alok-alok saka ing burine abdi mau: “Panah iku rak luwih adoh kana.”

38. Pangandikane Pangeran Yonatan maneh: “Ayo dikebat, aja mandheg bae.” Abdi iku banjur ngukupi panahe lan diaturake bali marang bendarane.

39. Ananging abdi iku ora ngreti apa-apa; mung Pangeran Yonatan lan Sang Dawud kang ngretos prakara iku.

maca bab lengkap 1 Samuel 20