Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 20:21-35 Kitab Sutji (JAV)

21. Lan panjenengan pirsani, kula badhe ngengken rencang kula: Mangkata golekana panahe! Manawi kula cariyos dhateng rencang punika kanthi swara manti-manti: O, panah-panahe cerak bae, rada mrene maneh, jupukana, -- ateges panjenengan kula aturi rawuh, amargi demi Sang Yehuwah ingkang gesang, panjenengan wilujeng, boten wonten bebaya punapa-punapa.

22. Nanging manawi kula cariyos dhateng lare nem punika makaten: We lah panah-panahe tekan adoh kana! -- panjenengan kula aturi tindak, amargi Sang Yehuwah ndhawuhi panjenengan tindak.

23. Menggah prakawis ingkang sami kula prasetyakaken ing antawisipun kula lan panjenengan, lah, Sang Yehuwah wonten ing antawisipun kula lan panjenengan ngantos ing salami-laminipun.”

24. Sawuse iku Sang Dawud umpetan ana ing ara-ara. Nalika wus ngancik sasi anyar, Sang Prabu lenggah dhahar.

25. Sang Prabu lenggah ana ing palenggahane kaya adhate, ing sacedhake tembok. Pangeran Yonatan ngadhep ana ing ngarsane. Senapati Abner lenggah ana ing sacedhake Sang Prabu, nanging palenggahane Sang Dawud tetep kothong.

26. Lan ing dina iku Sang Prabu ora ngandika apa-apa, amarga panggraitane: “Bokmanawa ana apa-apa tumanduk marang dheweke. Bokmanawa Dawud lagi najis, iya dheweke mesthi lagi najis.”

27. Nanging ing dina sawuse sasi anyar iki, ing dina kang kapindho, nalika palungguhane Sang Dawud tetep kothong, Sang Prabu ndangu marang Pangeran Yonatan, kang putra: “Geneya anake Isai ora ndherek dhahar, dhek wingi ora, saiki uga ora?”

28. Atur wangsulane Pangeran Yonatan: “Dawud sampun nyuwun palilah kanthi sanget dhateng kawula, kaparenga dhateng Betlehem,

29. tembungipun: Keparenga kula nyuwun pamit, amargi wonten upacara sidhekahan kangge kulawarga kula ing kitha; para sadherek kula piyambak ingkang murugi kula. Milanipun manawi panjenengan welas dhateng kula, kula panjenengan lilani tuwi para sadherek kula. Punika sebabipun Dawud boten ndherek ing bujananipun Sang Prabu.”

30. Sang Prabu banjur muntab dukane marang Pangeran Yonatan, pangandikane marang kang putra: “Anak sundel, kang murang tata! Ingsun rak wus mirsa, yen sira milih marang anake Isai lan iku kang marakake wirangira lan guwa-garbane ibunira.

31. Awitdene, sanyata salawase anake Isai isih urip ana ing lumahing bumi, sira lan kaprabonira ora bakal santosa. Lan saiki utusana wong nimbali lan ngirid Dawud marang ing ngarsaningsun, amarga wong iku kudu mati.”

32. Ananging Pangeran Yonatan ngaturi wangsulan marang Sang Prabu Saul, kang rama: “Kenging punapa Dawud kedah dipun pejahi? Punapa ta kalepatanipun?”

33. Sang Prabu nuli nlorongake towoke marang Pangeran Yonatan arep disedani. Dadine Pangeran Yonatan mirsa, Yen kang rama wus mutus arep nyedani Sang Dawud.

34. Mulane Pangeran Yonatan jumeneng lan nilar papan bujana kanthi mulad-mulading dukane. Ing dina kapindho sasi anyar iku Pangeran Yonatan ora dhahar apa-apa, amarga panjenengane sekel galihe marga saka Sang Dawud, jalaran kang rama wus ngremehake Sang Dawud.

35. Esuke Pangeran Yonatan tindak menyang ing ara-ara kadherekake abdi cilik kaya kang dadi prasetyane marang Sang Dawud.

maca bab lengkap 1 Samuel 20