Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 20:13-20 Kitab Sutji (JAV)

13. Wangsul manawi rama ngersakaken supados panjenengan manggih bilai, mugi Sang Yehuwah maringana paukuman dhateng Yonatan, malah nglangkungana punika, manawi kula boten matur dhateng panjenengan lan nglilani panjenengan tindak, supados panjenengan saged tindak kanthi wilujeng. Mugi-mugi Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan panjenengan kados dene anggenipun nunggil kaliyan kanjeng rama kala rumiyin.

14. Manawi kula taksih gesang, punapa inggih panjenengan boten badhe ngatingalaken sih-kadarmanipun Pangeran Yehuwah dhateng kula? Nanging manawi kula sampun pejah,

15. panjenengan sampun ngantos medhot sihkasetyan panjenengan tumrap turun kula ing salami-laminipun. Lan manawi Pangeran Yehuwah nyirnakaken satunggal-tunggaling mengsahipun Dhimas Dawud saking bumi,

16. sampun ngantos namanipun Yonatan kabusek saking tedhak-turunipun Dhimas Dawud, ugi manawi Pangeran Yehuwah badhe males ukum dhateng mengsah-mengsahipun Dhimas Dawud.”

17. Pangeran Yonatan mundhut sumpahe Sang Dawud maneh demi katresnane marang Pangeran Yonatan, amarga Pangeran Yonatan nresnani Sang Dawud prasat sarirane piyambak.

18. Pangeran Yonatan nuli ngandika marang Sang Dawud: “Benjing-enjing wulan enggal panjenengan temtu dipun dangokaken, amargi palenggahan panjenengan kothong.

19. Benjing embenipun panjenengan temtu dipun padosi, panjenengan kula aturi umpetan wonten ing pasingidan ing dinten lelampahan punika, lan panjenengan lenggah ing sandhing gumuk parang.

20. Kula lajeng badhe nglepasaken jemparing tiga ing sacelakipun kados-kados kula nginceng lesan makaten.

maca bab lengkap 1 Samuel 20