Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 20:11-25 Kitab Sutji (JAV)

11. Pangandikane Pangeran Yonatan marang Sang Dawud: “Sumangga sami medal dhateng ing ara-ara!” Tumuli padha bebarengan metu menyang ing ara-ara.

12. Pangeran Yonatan banjur ngandika marang Sang Dawud: “Demi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, benjing-enjing utawi benjing emben watawis wanci makaten kula badhe nyumerepi panggalihipun kanjeng rama. Samangsa sae kawontenanipun tumrap Dhimas Dawud, punapa inggih kula boten lajeng kengkenan tiyang ngaturi pirsa dhateng panjenengan?

13. Wangsul manawi rama ngersakaken supados panjenengan manggih bilai, mugi Sang Yehuwah maringana paukuman dhateng Yonatan, malah nglangkungana punika, manawi kula boten matur dhateng panjenengan lan nglilani panjenengan tindak, supados panjenengan saged tindak kanthi wilujeng. Mugi-mugi Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan panjenengan kados dene anggenipun nunggil kaliyan kanjeng rama kala rumiyin.

14. Manawi kula taksih gesang, punapa inggih panjenengan boten badhe ngatingalaken sih-kadarmanipun Pangeran Yehuwah dhateng kula? Nanging manawi kula sampun pejah,

15. panjenengan sampun ngantos medhot sihkasetyan panjenengan tumrap turun kula ing salami-laminipun. Lan manawi Pangeran Yehuwah nyirnakaken satunggal-tunggaling mengsahipun Dhimas Dawud saking bumi,

16. sampun ngantos namanipun Yonatan kabusek saking tedhak-turunipun Dhimas Dawud, ugi manawi Pangeran Yehuwah badhe males ukum dhateng mengsah-mengsahipun Dhimas Dawud.”

17. Pangeran Yonatan mundhut sumpahe Sang Dawud maneh demi katresnane marang Pangeran Yonatan, amarga Pangeran Yonatan nresnani Sang Dawud prasat sarirane piyambak.

18. Pangeran Yonatan nuli ngandika marang Sang Dawud: “Benjing-enjing wulan enggal panjenengan temtu dipun dangokaken, amargi palenggahan panjenengan kothong.

19. Benjing embenipun panjenengan temtu dipun padosi, panjenengan kula aturi umpetan wonten ing pasingidan ing dinten lelampahan punika, lan panjenengan lenggah ing sandhing gumuk parang.

20. Kula lajeng badhe nglepasaken jemparing tiga ing sacelakipun kados-kados kula nginceng lesan makaten.

21. Lan panjenengan pirsani, kula badhe ngengken rencang kula: Mangkata golekana panahe! Manawi kula cariyos dhateng rencang punika kanthi swara manti-manti: O, panah-panahe cerak bae, rada mrene maneh, jupukana, -- ateges panjenengan kula aturi rawuh, amargi demi Sang Yehuwah ingkang gesang, panjenengan wilujeng, boten wonten bebaya punapa-punapa.

22. Nanging manawi kula cariyos dhateng lare nem punika makaten: We lah panah-panahe tekan adoh kana! -- panjenengan kula aturi tindak, amargi Sang Yehuwah ndhawuhi panjenengan tindak.

23. Menggah prakawis ingkang sami kula prasetyakaken ing antawisipun kula lan panjenengan, lah, Sang Yehuwah wonten ing antawisipun kula lan panjenengan ngantos ing salami-laminipun.”

24. Sawuse iku Sang Dawud umpetan ana ing ara-ara. Nalika wus ngancik sasi anyar, Sang Prabu lenggah dhahar.

25. Sang Prabu lenggah ana ing palenggahane kaya adhate, ing sacedhake tembok. Pangeran Yonatan ngadhep ana ing ngarsane. Senapati Abner lenggah ana ing sacedhake Sang Prabu, nanging palenggahane Sang Dawud tetep kothong.

maca bab lengkap 1 Samuel 20