Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 20:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Dawud nuli lolos saka ing Nayot, ing sacedhake Rama. Sarawuhe ing daleme Pangeran Yonatan nuli matur: “Kula punika nindakaken punapa? Punapa kalepatan kula lan punapa ta dosa kula dhateng ingkang rama, dene ngantos ngersakaken pejah kula?”

2. Nanging Pangeran Yonatan ngandika marang Sang Dawud: “Babar pisan boten. Panjenengan boten badhe kasedanan. Engeta, bilih kanjeng rama boten badhe tumindak punapa-panapa, prakawis agenga alita, ingkang boten kawedharaken dhateng kula rumiyin. Kanjeng rama rak boten badhe nyidhem prakawis punika tumrap kula? Punika temtu boten!”

3. Nanging Sang Dawud matur maneh: “Ingkang rama temtu sampun uninga, bilih panjenengan remen dhateng kula. Mila panggalihipun: Yonatan aja nganti ngreti prakara iki, mengko mundhak sedhih atine; ewadene, demi Sang Yehuwah ingkang agesang, lan demi gesang panjenengan, antawisipun pejah kaliyan kula namung wonten sajangkah.”

4. Pangeran Yonatan ngandika marang Sang Dawud: “Punapa kemawon ingkang dados kersa panjenengan badhe kula tindakaken.”

5. Pangandikane Sang Dawud marang Pangeran Yonatan: “Panjenengan mirsa, bilih benjing-enjing punika wulan enggal, pancenipun kula kedah ndherek dhahar kaliyan Sang Prabu. Manawi panjenengan marengaken kula kesah umpetan ing ara-ara ngantos mbenjing emben sonten.

6. Manawi ingkang rama ndangokaken kula panjenengan matur: Dawud nedha palilah dhateng kawula kalayan sanget, kalilana enggal-enggal kesah dhateng kithanipun ing Betlehem, amargi ing ngrika wonten upacara sidhekahan taunan kangge sadaya kulawangsa.

7. Manawi dipun pangandikakaken makaten: Iya becik, ateges ingkang abdi wilujeng. Nanging manawi dukanipun muntab dadakan, panjenengan mangertosa, bilih Sang Prabu sampun mutus murih bilai kula.

8. Manawi makaten mugi karsaa paring cihnaning kasetyan panjenengan dhateng ingkang abdi punika, awit dene panjenengan sampun damel prajanjian kaliyan ingkang abdi wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah. Samanten ugi manawi wonten kalepatan kula, panjenengan piyambak kula aturi mejahi kula. Punapa sebabipun dene panjenengan badhe ngloropaken kula dhateng ingkang rama?”

9. Nanging Pangeran Yonatan mangsuli: “Punika katebihna saking kula! Amargi manawi kula mangretos sayektos, bilih kanjeng rama sampun mutus badhe ndhatengaken bilai dhateng panjenengan, punapa inggih kula boten ngaturi pirsa dhateng panjenengan.

10. Sang Dawud banjur matur marang Pangeran Yonatan: “Sinten ingkang badhe nyukani kabar dhateng kula, samangsa Sang Prabu paring wangsulan sugal dhateng panjenengan?”

11. Pangandikane Pangeran Yonatan marang Sang Dawud: “Sumangga sami medal dhateng ing ara-ara!” Tumuli padha bebarengan metu menyang ing ara-ara.

12. Pangeran Yonatan banjur ngandika marang Sang Dawud: “Demi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, benjing-enjing utawi benjing emben watawis wanci makaten kula badhe nyumerepi panggalihipun kanjeng rama. Samangsa sae kawontenanipun tumrap Dhimas Dawud, punapa inggih kula boten lajeng kengkenan tiyang ngaturi pirsa dhateng panjenengan?

13. Wangsul manawi rama ngersakaken supados panjenengan manggih bilai, mugi Sang Yehuwah maringana paukuman dhateng Yonatan, malah nglangkungana punika, manawi kula boten matur dhateng panjenengan lan nglilani panjenengan tindak, supados panjenengan saged tindak kanthi wilujeng. Mugi-mugi Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan panjenengan kados dene anggenipun nunggil kaliyan kanjeng rama kala rumiyin.

14. Manawi kula taksih gesang, punapa inggih panjenengan boten badhe ngatingalaken sih-kadarmanipun Pangeran Yehuwah dhateng kula? Nanging manawi kula sampun pejah,

15. panjenengan sampun ngantos medhot sihkasetyan panjenengan tumrap turun kula ing salami-laminipun. Lan manawi Pangeran Yehuwah nyirnakaken satunggal-tunggaling mengsahipun Dhimas Dawud saking bumi,

maca bab lengkap 1 Samuel 20