Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 2:23-36 Kitab Sutji (JAV)

23. banjur padha dipangandikani: “Yagene kowe padha nglakoni prakara kang kaya mangkono temah aku krungu saka wong sabangsa kabeh, mumgguh panggawemu kang ala iku.

24. Aja mangkono, dhuh anakku angger. Kang dakrungu iku dudu kabar kang becik, yaiku manawa kowe padha njalari umate Sang Yehuwah padha nerak angger-angger.

25. Manawa ana sawijining wong, kang duwe kaluputan marang wong liyane, Gusti Allah kang bakal ngadili, nanging manawa ana sawijining wong kang nglakoni dosa marang Sang Yehuwah, sapa kang bakal dadi pantarane?” Nanging pituture ramane iku ora dipaelu, amarga Sang Yehuwah arep mateni para wong iku.

26. Nanging wong anom Samuel sangsaya gedhe sangsaya wuwuh oleh sih iya ana ing ngarsane Sang Yehuwah, lan ana ngareping manungsa.

27. Ana sawijining abdine Gusti Allah kang marani Imam Eli lan ngemban pangandika mangkene: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Ingsun rak wus ngatingal marang para leluhurira kalawan nyata-nyata, nalika isih padha ana ing tanah Mesir lan kaereh dening darahe Pringon?

28. Lan Ingsun wus miji saka ing antarane taler Israel kabeh dadi imam kagem Ingsun, supaya saos kurban ana ing misbyahingSun, ngobong dupa lan manganggo efod ana ing ngarsaningSun; golonganira wus Sunpasrahi sakehing kurbane genenan wong Israel.

29. Geneya sira tumindak kethaha marang kurban sembelehan lan kurban dhaharaningSun, kang wus Sundhawuhake lan geneya anggonira ngajeni anak-anakira ngungkuli Ingsun, karo nglelemu awakira klawan perangan kang becik dhewe, saka sadhengahing kurbane dhaharan umatingSun Israel?

30. Mulane -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel -- lah Ingsun wus paring prajanji: Kulawarganira lan golonganira bakal urip ana ing ngarsaningSun ing salawase, nanging saiki -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --: prakara iku adoh banget saka Ingsun! Amarga sapa kang ngajeni Ingsun, bakal Sunajeni, nanging sing sapa ngremehake Ingsun bakal inganggep asor.

31. Lah bakal tumeka ing titimangsane, manawa Ingsun bakal nyempal tanganing karosanira, apadene tanganing kulawarganira, temah ora ana wong siji-sijia kang nganti kaki-kaki ing brayatira.

32. Dene sira bakal ora seneng nyawang marang sakehing kabecikan kang bakal Suntandukake marang Israel lan ing kulawarganira ora bakal ana siji-sijia wong kaki-kaki ing salawase.

33. Nanging ana siji saka ing kulawarganira kang ora Sunsirnakake saka ing misbyahingSun, kang bakal ndadekake rusake mripatira lan nalangsaning nyawanira; undhaking kulawarganira bakal padha mati dening pedhanging mungsuh.

34. Iki kang bakal dadi pratandha tumrap sira, yaiku apa kang bakal dialami anakira karo: Hofni lan Pinehas bakal padha mati bareng sadina.

35. Lah Ingsun bakal ngadegake Imam kang kena dipracaya, kang lakune condhong karo panggalihingSun, lan karo jiwaningSun, lan Ingsun bakal nuwuhake turun kang setya tuhu, temah iku bakal urip ana ing ngarepe kang Sunjebadi.

36. Wasana saka turunira kang isih urip bakal sujud ngabekti marang iku nyuwun dhuwit salaka utawa roti sacuwil, lan bakal matur: Kula mugi panjenengan papanaken wonten ing salah satunggaling golongan imam punika, supados kula saged nedha roti sacuwil.”

maca bab lengkap 1 Samuel 2