Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 2:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Hana banjur ndedonga, unjuke:“Manah kawula abingah-bingah margi Sang Yehuwah,singating karosan kawula linuhuraken dening Sang Yehuwah;cangkem kawula ngolok-olok satru kawula,awit kawula asuka-rena margi saking pitulungan Paduka.

2. Boten wonten ingkang sucinipun nyameni Paduka,margi boten wonten sanesipun kejawi Paduka,lan boten wonten redi parang ingkang kados Gusti Allah kawula.

3. Kowe aja tansah umuk-umukan,aja ana panyenyamah kang kawetu saka ing cangkemmu.Amarga Sang Yehuwah iku Gusti Allah kang mahawikan,lan kabeh panggawemu dinadar ing Panjenengane.

4. Gandhewane para prawira wis putung,nanging para wong kang gloyoran lambunge disingseti klawan karosan.

5. Sing sapa wareg dhisik, saiki bakal buruh golek pangan,nanging wong kang luwe dhisik, saiki bisa ngaso.Malah wong kang gabug, nglairake anak pitu,nanging wong kang sugih anak, dadi loyo.

6. Sang Yehuwah iku ngganjar pati-urip,Panjenengane nyemplungake wong marang ing jagade wong mati lan ngentas saka ing kono.

7. Sang Yehuwah paring mlarat lan sugih,Panjenengane ngesorake lan ngunggulake uga.

8. Panjenengane njunjung wong asor saka ing lebu,lan ngentas wong mlarat saka ing blethokan,kalungguhane jajar karo para bangsa luhur,lan ndadekake dheweke oleh kalungguhan kang mulya.Amarga Sang Yehuwah kagungan dhasaring bumi;lan Panjenengane mrenahake dharatan ana ing dhuwure.

9. Jangkahe wong kang kinasihan diayomi,nanging wong duraka bakal mati lebur ana ing pepeteng.Amarga panguwasaning wong ora saka karosane dhewe.

10. Wong kang bebantahan kalawan Sang Yehuwah bakal padha disirnakake;padha didadekake gumeter dening Panjenengane kalawan gludhug ing langit.Sang Yehuwah ngadili bumi nganti tekan ing poncot-poncote;Panjenengane maringi karosan marang ratu kang dijumenengake,lan ngunggulake sunguning karosane wong kang dijebadi.”

11. Elkana banjur mulih menyang Rama, nanging bocahe ngabdi marang Sang Yehuwah, diawat-awati Imam Eli.

12. Anadene putra-putrane Imam Eli iku padha wong dursila, padha ora maelu marang Sang Yehuwah,

maca bab lengkap 1 Samuel 2