Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 19:14-24 Kitab Sutji (JAV)

14. Sang Prabu Saul banjur utusan marani Sang Dawud, nanging Sang Putri Mikhal ngandika: “Lagi gerah.”

15. Sawuse iku Sang Prabu utusan wong-wong nyatakake sarta dipangandikani: “Dawud parakna mrene sapaturone, supaya dipateni!”

16. Para utusan iku padha lumebu ing daleme. lan katon ana terafim ing pasarean, endhase kasasaban tenunan wulu wedhus.

17. Sang Prabu Saul ngandika marang Sang Putri Mikhal: “Yagene sira ngapusi ingsun mengkono sarta nulungi mungsuhku, nganti bisa oncat?” Nanging Sang Putri Mikhal mangsuli unjuke: “Piyambakipun wicanten dhateng kawula makaten: Aku arep lunga aja kokcandhet. Apa kowe njaluk dakpateni?”

18. Sawuse Sang Dawud lolos lan oncat saka ing bebaya, nuli sowan ing ngarsane Nabi Samuel ing Rama lan ngandharake, kabeh apa kang ditandukake Sang Prabu Saul marang panjenengane. Sang Dawud banjur diajak Nabi Samuel menyang ing Nayot lan lereb ana ing kono.

19. Nalika Sang Prabu Saul diaturi pawarta mangkene: “Kauningana, Dawud wonten ing Nayot, sacelakipun Rama.”

20. Sang Prabu nuli utusan wong-wong nyekel Sang Dawud. Nanging wong-wong mau ndeleng Nabi sagolongan kang kapenuhan Roh, disesepuhi Nabi Samuel. Lan Rohing Allah manjing ing para utusan mau lan iku uga banjur kapenuhan kaya nabi.

21. Prakara iku diaturake marang Sang Prabu Saul; Sang Prabu Saul nuli utusan wong-wong liyane, nanging wong-wong iku uga katedhakan ing Roh kaya nabi. Sang Prabu nuli utusan wong-wong maneh, kang kaping telune, lan wong-wong iku uga katedhakan ing Roh.

22. Tumuli Sang Prabu Saul tindak piyambak menyang ing Rama. Sarawuhe ing sacedhake sumur gedhe ing Sekhu, nuli ndangu: “Nabi Samuel lan Dawud ana ing ngendi?” Atur wangsulane wong: “Wonten ing Nayot, sacelakipun Rama.”

23. Sang Prabu nuli tindak mrana menyang ing Nayot, ing sacedhake Rama lan panjenengane uga kenjingan ing Rohe Allah lan sajrone nerusake tindake iya kapenuhan Roh kaya nabi, nganti rawuh ing Nayot, ing sacedhake Rama.

24. Sang Prabu uga lukar pangagemane lan uga medhar wangsit ana ing ngarsane Nabi Samuel. Sang Prabu dhawah gumluntung kalawan lukar pangageman sadina sawengi muput. Iki jalarane wong banjur ngucap: “Apa Sang Prabu Saul uga kagolong para nabi?”

maca bab lengkap 1 Samuel 19