Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 19:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu Saul ngandika marang Pangeran Yonatan, putrane lan para punggawane kabeh, yen Sang Dawud kudu disedani. Nanging Pangeran Yonatan, putrane Sang Prabu Saul, tresna banget marang Sang Dawud,

2. temah panjenengane nglairake prakara iku marang Sang Dawud: “Kanjeng rama mbudidaya badhe nyedani panjenengan, milanipun mbenjing-enjing kula aturi, ngatos-atos, panjenengan kula aturi wonten ing satunggaling papan pangungsen tuwin kula aturi singidan wonten ing ngriku.

3. Kula badhe medal ndherekaken kanjeng rama wonten ing ara-ara pasingidan panjenengan punika. Kula badhe ngaturi rembag bab panjenengan dhateng panjenenganipun, badhe kula tingali kadospundi kawontenanipun lan kula lajeng ngaturi pirsa dhateng panjenengan.”

4. Pangeran Yonatan ngaturake bab kabecikane Dawud marang Sang Prabu Saul, ramane unjuke: “Sang Prabu sampun ngantos nandukaken piawon dhateng Dawud, ingkang abdi, amargi piyambakipun boten nandukaken piawon dhateng panjenengan dalem, malah punapa ingkang katindakaken punika rak sae sanget, tumrap panjenengan dalem.

5. Tiyang punika rak sampun ngetohaken nyawanipun lan sampun ngawonaken tiyang Filisti punika sarta Sang Yehuwah sampun paring kaunggulan dhateng tiyang Israel sadaya. Panjenengan dalem sampun nguningani lan suka ing galih margi saking punika. Kenging punapaa panjenengan dalem kok badhe nandukaken piawon dhateng rahipun tiyang ingkang resik, badhe mejahi Dawud tanpa sebab?”

6. Sang Prabu Saul karsa ndhahar ature Pangeran Yonatan, lan banjur asupaos: “Demi asmane Sang Yehuwah kang gesang, Dawud ora bakal dipateni.”

7. Pangeran Yonatan banjur ngaturi Dawud lan ngandikakake sakehing dhawuhe Sang Prabu. Pangeran Yonatan nuli nyowanake Sang Dawud marang ing ngarsane Sang Prabu Saul lan Sang Dawud banjur nindakake kawajiban kaya kang uwis-uwis.

8. Bareng ana perang maneh, Sang Dawud mengsah nglawan bangsa Filisti temah gawe kapitunane mungsuh akeh sarta padha keplayu saka ing paprangan.

9. Nanging roh ala kang saka Sang Yehuwah nyurupi Sang Prabu Saul, nalika Sang Prabu lenggah ana ing daleme, kalawan ngasta towok; lan Sang Dawud mbeneri nylempung.

10. Sang Prabu Saul sumedya nunjemake Sang Dawud ing tembok kalawan towoke, nanging Sang Dawud ngendhani panloronge Sang Prabu, temah mung ngenani tembok. Sawuse iku Sang Dawud banjur lolos lan bisa oncat ing bengi iku.

11. Sang Prabu banjur utusan wong-wong menyang ing daleme Sang Dawud didhawuhi njaga lan nyedani panjenengane ing wayah esuk. Nanging Sang Putri Mikhal, garwane Sang Dawud ngaturi pirsa marang Sang Dawud mangkene: “Yen panjenengan ora bisa oncat bengi iki, sesuk mesthi bakal disedani.”

12. Sang Putri Mikhal tumuli mbyantu Sang Dawud mandhap saka ing cendhela lan Sang Dawud lolos lan bisa oncat.

maca bab lengkap 1 Samuel 19