Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 17:51-58 Kitab Sutji (JAV)

51. Dawud banjur mlayoni wong Filisti iku, ngadeg ing sandhinge, pedhange diunus saka warangkane, wong mau banjur dipateni. Sirahe ditigas karo pedhang iku. Bareng wong Filisti padha ndeleng, yen agul-agule wus mati, nuli padha mlayu.

52. Wong Israel lan wong Yehuda padha gumregah karo surak-surak lan banjur mbujeng wong Filisti nganti tekan ing sacedhake Gat lan gapurane Ekron. Lan wong kang padha dipateni saka panunggalane bangsa Filisti pating glimpang ana ing dalan kang anjog ing Saaraim, tekan ing Gat lan ing Ekron.

53. Wong Israel banjur padha mulih saka anggone ngoyak-oyak wong Filisti kang ngebat-ebati iku, banjur njarah rayah pakemahane.

54. Dawud njupuk sirahe wong Filisti kang ditugel iku digawa menyang Yerusalem, nanging gegamane didokok ana ing kemahe.

55. Nalika Sang Prabu Saul mirsa Dawud mangsah mapagake wong Filisti iku, Sang Prabu ndangu marang Sang Abner, senapatine perang: “Wong anom iku anake sapa, Abner?” Atur wangsulane Senapati Abner: “Demi asma dalem ingkang gesang, dhuh Sang Prabu, sayektosipun kawula boten mangertos.”

56. Sang Prabu nuli ngandika; “Dangunen, wong anom iku anake sapa?”

57. Sawise Dawud bali saka nggone ngalahake wong Filisti mau, Senapati Abner nimbali dheweke kasowanake ing ngarsane Sang Prabu Saul, klawan isih nyangking sirahe wong Filisti iku.

58. Pandangune Sang Prabu Saul: “He wong anom, sira iku anake sapa?” Atur wangsulane Dawud: “Kawula punika anakipun abdi dalem Isai, tiyang ing Betlehem.”

maca bab lengkap 1 Samuel 17