Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 17:38-56 Kitab Sutji (JAV)

38. Sang Prabu banjur nganggokake pangagemane perang marang Dawud, sirahe dianggoni topong tembaga, lan dianggoni klambi kere.

39. Dawud nuli nyabukake pedhange ing jabane sandhangane perang, banjur njajal lumaku, amarga durung tau manganggo kaya mangkono. Dawud banjur matur marang Sang Prabu: “Kawula boten saged mlampah, ngangge sandhangan punika awit dereng nate ngangge.” Wasana sandhangane dirucati.

40. Dawud banjur nyangking tekene, milih watu klimis-klimis limang iji saka ing dhasare kali, dilebokake ing kasang pangon, kang digawa, yaiku wadhah watu lan bandhile dicangking. Mangkono anggone Dawud mapagake wong Filisti iku.

41. Wong Filisti iku sangsaya nyedhak marang Dawud lan wong kang nggawa tameng ana ing ngarepe.

42. Nalika wong Filisti iku mulat lan ndeleng Dawud, Dawud diremehake, amarga anom sumringah lan bagus.

43. Wong Filisti iku celathu marang Dawud: “Aku iki apa koksengguh asu, dene anggonmu mapagake perangku nganggo teken?” Tumuli atas jenenge para allahe wong Filisti, ngipat-ipati Dawud.

44. Wong Filisti iku celathu marang Dawud maneh: “Papagna perangku, aku bakal makakake dagingmu marang manuk-manuk ing awang-awang lan satokewan ing ara-ara.”

45. Nanging Dawud celathu marang wong Filisti iku: “Anggonmu mapagake aku kalawan nggawa pedhang lan tumbak sarta tlempak, nanging aku methukake kowe atas asmane Sang Yehuwah Gustining sarwa dumadi Gusti Allahe Israel, kang koktantang iku.

46. Ing dina iki uga Sang Yehuwah bakal masrahake kowe marang ing tanganku lan aku bakal ngasorake kowe sarta nugel gulumu; ing dina iki uga aku bakal makakake bathangmu lan bathange bala Filisti marang manuk-manuk ing awang-awang lan marang kewan galak, supaya salumahing bumi padha sumurupa, yen Israel duwe Allah.

47. Lan wong sapasamuwan padha ngretia, manawa Sang Yehuwah anggone mitulungi ora mawa pedhang lan tlempak. Amarga peperangan iku ana ing astane Sang Yehuwah lan Panjenengane masrahake kowe ana ing tanganku.”

48. Bareng wong Filisti iku mangsah mapagake Dawud, Dawud enggal-enggal mlayu marani barisaning mungsuh mapagake wong Filisti iku.

49. Dawud banjur ngrogoh watu ana ing kasange lan dibandhilake, ngenani bathuke wong Filisti iku, temah watune angrem ana ing bathuke, wong mau banjur tiba kerungkeb ana ing bumi.

50. Mangkono anggone Dawud ngasorake wong Filisti iku nganggo bandhil lan watu; Dawud ngasorake lan mateni wong Filisti iku tanpa nyekel pedhang.

51. Dawud banjur mlayoni wong Filisti iku, ngadeg ing sandhinge, pedhange diunus saka warangkane, wong mau banjur dipateni. Sirahe ditigas karo pedhang iku. Bareng wong Filisti padha ndeleng, yen agul-agule wus mati, nuli padha mlayu.

52. Wong Israel lan wong Yehuda padha gumregah karo surak-surak lan banjur mbujeng wong Filisti nganti tekan ing sacedhake Gat lan gapurane Ekron. Lan wong kang padha dipateni saka panunggalane bangsa Filisti pating glimpang ana ing dalan kang anjog ing Saaraim, tekan ing Gat lan ing Ekron.

53. Wong Israel banjur padha mulih saka anggone ngoyak-oyak wong Filisti kang ngebat-ebati iku, banjur njarah rayah pakemahane.

54. Dawud njupuk sirahe wong Filisti kang ditugel iku digawa menyang Yerusalem, nanging gegamane didokok ana ing kemahe.

55. Nalika Sang Prabu Saul mirsa Dawud mangsah mapagake wong Filisti iku, Sang Prabu ndangu marang Sang Abner, senapatine perang: “Wong anom iku anake sapa, Abner?” Atur wangsulane Senapati Abner: “Demi asma dalem ingkang gesang, dhuh Sang Prabu, sayektosipun kawula boten mangertos.”

56. Sang Prabu nuli ngandika; “Dangunen, wong anom iku anake sapa?”

maca bab lengkap 1 Samuel 17