Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 17:38-45 Kitab Sutji (JAV)

38. Sang Prabu banjur nganggokake pangagemane perang marang Dawud, sirahe dianggoni topong tembaga, lan dianggoni klambi kere.

39. Dawud nuli nyabukake pedhange ing jabane sandhangane perang, banjur njajal lumaku, amarga durung tau manganggo kaya mangkono. Dawud banjur matur marang Sang Prabu: “Kawula boten saged mlampah, ngangge sandhangan punika awit dereng nate ngangge.” Wasana sandhangane dirucati.

40. Dawud banjur nyangking tekene, milih watu klimis-klimis limang iji saka ing dhasare kali, dilebokake ing kasang pangon, kang digawa, yaiku wadhah watu lan bandhile dicangking. Mangkono anggone Dawud mapagake wong Filisti iku.

41. Wong Filisti iku sangsaya nyedhak marang Dawud lan wong kang nggawa tameng ana ing ngarepe.

42. Nalika wong Filisti iku mulat lan ndeleng Dawud, Dawud diremehake, amarga anom sumringah lan bagus.

43. Wong Filisti iku celathu marang Dawud: “Aku iki apa koksengguh asu, dene anggonmu mapagake perangku nganggo teken?” Tumuli atas jenenge para allahe wong Filisti, ngipat-ipati Dawud.

44. Wong Filisti iku celathu marang Dawud maneh: “Papagna perangku, aku bakal makakake dagingmu marang manuk-manuk ing awang-awang lan satokewan ing ara-ara.”

45. Nanging Dawud celathu marang wong Filisti iku: “Anggonmu mapagake aku kalawan nggawa pedhang lan tumbak sarta tlempak, nanging aku methukake kowe atas asmane Sang Yehuwah Gustining sarwa dumadi Gusti Allahe Israel, kang koktantang iku.

maca bab lengkap 1 Samuel 17