Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 17:31-44 Kitab Sutji (JAV)

31. Tembung kang kaucapake Dawud iku keprungu ing wong, banjur diaturake marang Sang Prabu Saul. Lan Sang Prabu nuli utusan nimbali.

32. Dawud matur marang Sang Prabu Saul: “Sampun ngantos sami nglokro, jalaran saking tiyang punika. Abdi dalem badhe mengsah nandhingi tiyang Filisti punika.”

33. Nanging Sang Prabu ngandika marang Dawud: “Mokal sira bisa nandhingi wong iki, amarga sira iku isih anom, mangka wong iku wiwit enom wis dadi prajurit.”

34. Nanging Dawud matur marang Sang Prabu: “Abdi dalem punika sampun kulina ngengen menda-mendanipun bapakipun dalem. Samangsa kadhatengan singa utawi bruwang, ingkang nubruk menda saking pepanthan,

35. nunten dalem oyak lan menda wau dalem rebat saking cangkemipun. Lajeng manawi nempuh nglawan dhateng dalem, dalem cepeng jenggotipun sarta dalem gebagi ngantos pejah.

36. Dados singa utawi bruwang wau sami dalem gebagi. Lan tiyang Filisti ikutan punika ugi badhe nemahi kados dene salah satunggalipun kewan punika, awit dene sampun ngawon-awon barisanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang.”

37. Dawud matur maneh: “Sang Yehuwah, ingkang sampun ngluwari kawula saking cengkeremanipun singa utawi bruwang punika, Panjenenganipun ugi badhe ngluwari kawula saking tanganipun tiyang Filisti punika.” Sang Prabu banjur ngandika: “Iya wis mangkata! Sang Yehuwah muga nganthia lakunira.”

38. Sang Prabu banjur nganggokake pangagemane perang marang Dawud, sirahe dianggoni topong tembaga, lan dianggoni klambi kere.

39. Dawud nuli nyabukake pedhange ing jabane sandhangane perang, banjur njajal lumaku, amarga durung tau manganggo kaya mangkono. Dawud banjur matur marang Sang Prabu: “Kawula boten saged mlampah, ngangge sandhangan punika awit dereng nate ngangge.” Wasana sandhangane dirucati.

40. Dawud banjur nyangking tekene, milih watu klimis-klimis limang iji saka ing dhasare kali, dilebokake ing kasang pangon, kang digawa, yaiku wadhah watu lan bandhile dicangking. Mangkono anggone Dawud mapagake wong Filisti iku.

41. Wong Filisti iku sangsaya nyedhak marang Dawud lan wong kang nggawa tameng ana ing ngarepe.

42. Nalika wong Filisti iku mulat lan ndeleng Dawud, Dawud diremehake, amarga anom sumringah lan bagus.

43. Wong Filisti iku celathu marang Dawud: “Aku iki apa koksengguh asu, dene anggonmu mapagake perangku nganggo teken?” Tumuli atas jenenge para allahe wong Filisti, ngipat-ipati Dawud.

44. Wong Filisti iku celathu marang Dawud maneh: “Papagna perangku, aku bakal makakake dagingmu marang manuk-manuk ing awang-awang lan satokewan ing ara-ara.”

maca bab lengkap 1 Samuel 17