Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 16:9-22 Kitab Sutji (JAV)

9. Isai banjur ngundang Syama, nanging Nabi Samuel ngandika: “Wong iki uga ora dipilih dening Sang Yehuwah.”

10. Mangkono anggone Isai akon anake pitu lumaku liwat ana ing ngarsane Nabi Samuel, nanging Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Iku kabeh ora ana kang dipilih dening Sang Yehuwah.”

11. Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Apa iki wis anakmu kabeh?” Wangsulane Isai: “Ingkang wuragil taksih kantun, nanging saweg angen menda.” Nabi Samuel dhawuh marang Isai: “Mara undangen amarga aku ora bakal kembul mangan, sadurunge iku teka mrene.”

12. Tumuli kongkonan methuk anake. Pasemone sumringah, mripate endah, warnane bagus. Sang Yehuwah banjur ngandika: “Ngadega jebadana, yaiku wonge!”

13. Nabi Samuel banjur mundhut wadhahe sungu kang isi lenga lan Dawud dijebadi ana ing satengahing sadulur-sadulure. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Rohe Sang Yehuwah nunggil karo Dawud. Nabi Samuel banjur tindak kondur menyang ing Rama.

14. Nanging Rohe Sang Yehuwah wis nilar Sang Prabu Saul lan saiki panjenengane dibidhung dening roh ala utusane Sang Yehuwah.

15. Para abdine tumuli padha munjuk: “Kauningana, roh awon utusanipun Gusti Allah mbidhung panjenengan dalem.

16. Prayoginipun Gusti kawula ndhawuhana para abdi dalem ingkang sowan wonten ing ngarsa dalem, ngupados tiyang ingkang baud nylempung. Samangsa roh awon utusanipun Gusti Allah ndhatengi panjenengan dalem, tiyang wau kadhawuhana nylempung, supados panggalih dalem kraos tentrem.”

17. Sang Prabu Saul banjur dhawuh marang para abdi: “Ingsun golekna wong kang baud nylempung, timbalana sowan ana ing ngarsaningsun.”

18. Sawenehing abdine ana kang munjuk: “Sajatosipun kawula nate sumerep salah satunggaling anakipun Isai, tiyang Betlehem, ingkang pinter nylempung. Tiyang punika prawira gagah prakosa, satunggaling prajurit, ingkang pinter wicara, warninipun bagus, lan Sang Yehuwah nunggil kaliyan piyambakipun.”

19. Sang Prabu Saul banjur utusan wong menyang ing omahe Isai kanthi piweling: “Anakira Dawud, pangoning wedhus-wedhusira, konen seba marang ing ngarsaningsun.”

20. Isai banjur njupuk kuldi dimomoti roti, anggur saimpes, lan cempe siji, iku nuli diaturake marang Sang Prabu Saul lumantar Dawud, anake.

21. Kaya mangkono dadine Dawud banjur sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Saul lan didadekake abdine. Sang Prabu tresna banget marang Dawud lan didadekake juru ngampil gegamane.

22. Mulane Sang Prabu Saul nuli utusan wong marang ing omahe Isai kanthi piweling: “Cikben Dawud dadi abdiningsun, amarga ingsun seneng marang dheweke.”

maca bab lengkap 1 Samuel 16