Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 16:6-18 Kitab Sutji (JAV)

6. Bareng padha lumebu, Nabi Samuel mirsani marang Eliab banjur mosik: “Lah wong kang bakal jinebadan saiki ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.”

7. Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”

8. Isai nuli ngundang Abinadab lan dikon lumaku liwat ing ngarsane Nabi Samuel, nanging Nabi Samuel ngandika: “Wong iki iya ora dipilih dening Sang Yehuwah.”

9. Isai banjur ngundang Syama, nanging Nabi Samuel ngandika: “Wong iki uga ora dipilih dening Sang Yehuwah.”

10. Mangkono anggone Isai akon anake pitu lumaku liwat ana ing ngarsane Nabi Samuel, nanging Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Iku kabeh ora ana kang dipilih dening Sang Yehuwah.”

11. Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Apa iki wis anakmu kabeh?” Wangsulane Isai: “Ingkang wuragil taksih kantun, nanging saweg angen menda.” Nabi Samuel dhawuh marang Isai: “Mara undangen amarga aku ora bakal kembul mangan, sadurunge iku teka mrene.”

12. Tumuli kongkonan methuk anake. Pasemone sumringah, mripate endah, warnane bagus. Sang Yehuwah banjur ngandika: “Ngadega jebadana, yaiku wonge!”

13. Nabi Samuel banjur mundhut wadhahe sungu kang isi lenga lan Dawud dijebadi ana ing satengahing sadulur-sadulure. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Rohe Sang Yehuwah nunggil karo Dawud. Nabi Samuel banjur tindak kondur menyang ing Rama.

14. Nanging Rohe Sang Yehuwah wis nilar Sang Prabu Saul lan saiki panjenengane dibidhung dening roh ala utusane Sang Yehuwah.

15. Para abdine tumuli padha munjuk: “Kauningana, roh awon utusanipun Gusti Allah mbidhung panjenengan dalem.

16. Prayoginipun Gusti kawula ndhawuhana para abdi dalem ingkang sowan wonten ing ngarsa dalem, ngupados tiyang ingkang baud nylempung. Samangsa roh awon utusanipun Gusti Allah ndhatengi panjenengan dalem, tiyang wau kadhawuhana nylempung, supados panggalih dalem kraos tentrem.”

17. Sang Prabu Saul banjur dhawuh marang para abdi: “Ingsun golekna wong kang baud nylempung, timbalana sowan ana ing ngarsaningsun.”

18. Sawenehing abdine ana kang munjuk: “Sajatosipun kawula nate sumerep salah satunggaling anakipun Isai, tiyang Betlehem, ingkang pinter nylempung. Tiyang punika prawira gagah prakosa, satunggaling prajurit, ingkang pinter wicara, warninipun bagus, lan Sang Yehuwah nunggil kaliyan piyambakipun.”

maca bab lengkap 1 Samuel 16