Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 16:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. Nabi Samuel nuli nindakake apa kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, lan rawuh ana ing kutha Betlehem. Para tuwa-tuwane kutha kono methukake Nabi Samuel kanthi gumeter lan matur: “Rawuh panjenengan punika punapa kanthi raharja?”

5. Wangsulane Nabi Samuel: “Iya mangkono! Tekaku iki arep saos kurban marang Sang Yehuwah. Padha sesucia lan nekanana upacara saos kurban iki karo aku.” Nabi Samuel banjur nucekake Isai dalah anak-anake lanang sarta ngulemi wong-wong iku marang ing upacara saos kurban mau.

6. Bareng padha lumebu, Nabi Samuel mirsani marang Eliab banjur mosik: “Lah wong kang bakal jinebadan saiki ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.”

7. Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”

8. Isai nuli ngundang Abinadab lan dikon lumaku liwat ing ngarsane Nabi Samuel, nanging Nabi Samuel ngandika: “Wong iki iya ora dipilih dening Sang Yehuwah.”

9. Isai banjur ngundang Syama, nanging Nabi Samuel ngandika: “Wong iki uga ora dipilih dening Sang Yehuwah.”

10. Mangkono anggone Isai akon anake pitu lumaku liwat ana ing ngarsane Nabi Samuel, nanging Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Iku kabeh ora ana kang dipilih dening Sang Yehuwah.”

11. Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Apa iki wis anakmu kabeh?” Wangsulane Isai: “Ingkang wuragil taksih kantun, nanging saweg angen menda.” Nabi Samuel dhawuh marang Isai: “Mara undangen amarga aku ora bakal kembul mangan, sadurunge iku teka mrene.”

maca bab lengkap 1 Samuel 16