Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 16:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Sapira lawase anggonira nandhang prihatin, marga saka Saul? Wong iku rak wus Suntampik anggone dadi ratune Israel? Wadhahira sungu isenana lenga lan mangkata. Sira Sunutus menyang ing omahe Isai, wong Betlehem, awit anake ana kang Sunpilih dadi ratu tumrap Ingsun.”

2. Nanging Nabi Samuel munjuk: “Kados pundi anggen kawula badhe mangkat? Manawi Sang Prabu Saul mireng bab punika, temtu kawula dipun pejahi.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Nggawaa sapi nom lan tutura: Tekaku iki arep nyaosake kurban marang Sang Yehuwah.

3. Tumuli Isai undangen supaya nekani upacara pangurbanan iku lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, apa kang wajib sira lakoni. Banjur wong kang Suntuding iku jebadana kagem Ingsun.”

4. Nabi Samuel nuli nindakake apa kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, lan rawuh ana ing kutha Betlehem. Para tuwa-tuwane kutha kono methukake Nabi Samuel kanthi gumeter lan matur: “Rawuh panjenengan punika punapa kanthi raharja?”

5. Wangsulane Nabi Samuel: “Iya mangkono! Tekaku iki arep saos kurban marang Sang Yehuwah. Padha sesucia lan nekanana upacara saos kurban iki karo aku.” Nabi Samuel banjur nucekake Isai dalah anak-anake lanang sarta ngulemi wong-wong iku marang ing upacara saos kurban mau.

6. Bareng padha lumebu, Nabi Samuel mirsani marang Eliab banjur mosik: “Lah wong kang bakal jinebadan saiki ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.”

maca bab lengkap 1 Samuel 16