Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 14:5-20 Kitab Sutji (JAV)

5. Pongol kang siji menthongol ing sisih lor ngadhepake Mikhmas, sijine ing sisih kidul ngadhepake Geba.

6. Pangeran Yonatan ngandika marang abdine kang ngampil gegaman iku: “Payo padha nyabrang nyedhaki bala pangawale wong-wong kang ikuten iku. Bokmanawa Sang Yehuwah nyarirani perang kita, amarga tumrap Sang Yehuwah gampang bae mitulungi, dadia karo wong akeh, dadia karo wong sathithik.”

7. Atur wangsulane abdi kang ngampil gegaman: “Sumangga panjenengan dalem tindakaken sakarsa dalem, adalem namung ndherek kemawon.”

8. Pangandikane Pangeran Yonatan: “Dingati-ati, kita padha nyabrang nyedhaki lan ngaton marang wong-wong iku.

9. Manawa kandhane marang kita mangkene: Mandhega nganti aku padha nekani kowe, nuli kita mandheg ing panggonan iku lan ora munggah marani wong-wong iku.

10. Nanging manawa kandhane mangkene: Munggaha mrene, kita bakal munggah, amarga yen mangkono Sang Yehuwah wus ngulungke wong-wong iku marang tangan kita. Iku pratandhane kanggo kita.”

11. Bareng sakarone ngaton marang bala pangawale wong Filisti, guneme wong Filisti mau: “Delengen, para wong Ibrani padha metu saka ing guwa pandhelikane.”

12. Wong-wong bala pangawale wong Filisti padha nguwuh-uwuh marang Pangeran Yonatan lan kang ngampil gegamane, pangucape: “Munggaha mrene, aku arep padha ngajar kowe.” Pangeran Yonatan banjur ngandika marang abdine kang ngampil gegaman: “Munggaha, ngetutna aku, amarga Sang Yehuwah wus ngulungake wong-wong iku marang tangane wong Israel.”

13. Pangeran Yonatan banjur krekelan munggah, kadherekake dening abdine. Wong iku padha mati katempuh dening Pangeran Yonatan, dene abdine juru ngampil gegaman, kang mateni wong-wong iku saka ing buri.

14. Kasoran kang kapisan kang kelakon marga saka panempuhe Pangeran Yonatan lan abdine kang ngampil gegaman kang oleh pepati kira-kira wong rong puluh, iku kelakone ana ing wewengkon kang dohe watara setengah palukon ing pategalan.

15. Tumuli tuwuh pagiris ing pakemahan, ing ara-ara lan ing antarane rakyat kabeh. Uga para prajurit pangawal lan tukang ngrayah padha giris lan bumi nganti gonjing, temah nganakake pagiris kang saka Gusti Allah.

16. Bareng para prajurite jaga-baya Sang Prabu Saul ing Gibea-Benyamin weruh kang mangkono iku -- lan wong padha ribut lumaku mrana-mrene kaya alun kang ngombak-ombak mrana-mrene. --

17. Sang Prabu ngandika marang bala kang padha ndherek panjenengane: “Niti-priksaa pabarisan, sapa kang ora ana.” Banjur padha niti-priksa lan kasumurupan yen Pangeran Yonatan karo abdine juru ngampil gegaman ora ana.

18. Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Imam Ahia: “Klambine efod gawanen mrene!” Amarga ing wektu samana Imam Ahia kang nganggo efod ana ing antarane bangsa Israel.

19. Nanging nalika Sang Prabu Saul lagi wawan sabda karo imam iku, saya kisruh kaanane ing pakemahane bangsa Filisti, temah Sang Prabu Saul ngandika maneh marang imam iku: “Togna bae!”

20. Sang Prabu Saul lan sakehe wong kang ndherek panjenengane banjur padha ngumpul; bareng padha tekan ing papan paperangan, katon kabeh wong padha pedhang-pinedhang, ndadekake geger puyengan.

maca bab lengkap 1 Samuel 14