Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 14:35-52 Kitab Sutji (JAV)

35. Sang Prabu Saul banjur yasa misbyah sumaos marang Sang Yehuwah, yaiku wiwitane ana misbyah sumaos marang Sang Yehuwah.

36. Sang Prabu Saul ngandika maneh: “Payo kita padha mburu wong Filisti ing bengi iki, lan njarahi nganti bangun esuk sarta aja ana kang diuripi siji-sijia.” Ature wong akeh iku: “Sumangga katindakna punapa ingkang kagalih prayogi.” Nanging ature imam: “Sumangga sami sowan dhateng ing ngarsanipun Sang Yehuwah rumiyin.”

37. Sang Prabu banjur neges marang Gusti Allah, unjuke: “Punapa kawula kepareng mbujeng tiyang Filisti punika? Punapa Paduka badhe masrahaken tiyang-tiyang punika dhateng ing tanganipun tiyang Israel?” Nanging ing dina iku Panjenengane ora paring wangsulan marang Sang Prabu Saul.

38. Sang Prabu Saul banjur ngandika: “He sakehing panggedhening rakyat padha majua mrene; padha titipriksanen apa jalarane dosa kang kelakon ing dina iki.

39. Amarga demi asmane Sang Yehuwah, kang gesang, kang mitulungi Israel, sanadyan kang njalari iku putraku Yonatan, iku mesthi bakal kaukum pati!” Nanging ing antarane rakyat ora ana wong siji-sijia kang ngaturi wangsulan.

40. Wasana Sang Prabu Saul ngandika marang sakehe wong Israel: “Kowe padha ngadega ana ing sisih kana, dene aku lan putraku Yonatan ana ing sisih kene.” Wong akeh banjur munjuk marang Sang Prabu Saul: “Sumangga katindakna, punapa ingkang kagalih prayogi.”

41. Sang Prabu Saul banjur matur mangkene: “Dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, kenging punapa Paduka boten karsa paring wangsulan dhumateng abdi Paduka ing dinten punika? Manawi kalepatan punika dumunung wonten ing kawula utawi anak kawula, dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka tedahna Urim punika, nanging manawi kalepatan punika dumunung wonten ing umat Paduka Israel, Paduka tedhahna Tumim.” Nuli kang katuding Pangeran Yonatan lan Sang Prabu Saul, nanging wong akeh temah bebas.

42. Pangandikane Sang Prabu: “Uncalna undhine kanggo antarane aku lan putraku Yonatan.” Nuli kang katuding Pangeran Yonatan.

43. Pangandikane Sang Prabu marang Yonatan: “Matura marang aku apa kang koklakoni.” Pangeran Yonatan nuli matur marang Sang Prabu mangkene: “Pancen, kawula sampun ngicipi raosipun maben sakedhik, ingkang wonten ing pucuking teken ingkang kawula cepeng. kawula sandika nglampahi paukuman pejah.”

44. Pangandikane Sang Prabu Saul: “Aku muga diganjara paukuman dening Gusti Allah mangkene, malah luwiha saka iku! Lah Yonatan kowe kudu mati.”

45. Nanging wong akeh padha munjuk marang Sang Prabu Saul: “Kenging punapa Pangeran Yonatan kedah kasedanan? Rak panjenenganipun ingkang angsal kaunggulan ageng wonten ing Israel. Punika sampun ngantos kelampahan! Demi asmanipun Sang Yehuwah ingkang gesang, remanipun saeler kemawon sampun ngantos dhawah ing siti! Amargi saking pitulunganipun Sang Yehuwah ugi prakawis punika kelampahan ing dinten punika.” Mengkono wong akeh anggone nguwalake Pangeran Yonatan, temah ora kasedanan.

46. Sawuse Sang Prabu Saul mbujeng wong Filisti, banjur kondur, menyang ing daleme maneh, dene wong Filisti iya nuli padha mulih menyang ing omahe.

47. Sawuse Sang Prabu Saul jumeneng ratu, ngereh Israel panjenengane banjur mangsah perang nglawan sakehe mungsuhe ing ngendi-endi, yaiku: Moab, bani Amon, Edom, para ratu ing tanah Zoba lan wong Filisti. Lan menyanga ngendia bae pangluruge mesthi unggul.

48. Panjenengane nindakake pakaryan kang linuwih, ngasorake wong Amalek lan ngluwari Israel saka ing tangane kang padha njarahi.

49. Putra-putrane kakung Sang Prabu Saul, yaiku Pangeran Yonatan, Yiswi lan Malkisua. Asmane putrane putri loro: Kang pembajeng asma Merab lan kang wuragil Mikhal.

50. Garwane Sang Prabu asmane: Ahinoam, putrane Sang Ahimaas. Senapatine asma Abner, putrane Sang Ner, pamane Sang Prabu Saul.

51. Sang Kisy ramane Sang Prabu Saul lan Sang Ner, ramane Sang Abner, iku padha putrane Sang Abiel.

52. Salawase Sang Prabu Saul jumeneng nata tansah ana paprangan kang nggegirisi nglawan bangsa Filisti. Lan sakehe pahlawan sarta wong kang gagah prakosa padha kadadekake prajurite.

maca bab lengkap 1 Samuel 14