Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 14:26-40 Kitab Sutji (JAV)

26. Bareng rakyat tekan ing alas mau, katon ana madu mili ana ing kono, nanging ora ana wong siji-sijia kang ndulit srana drijine lan banjur kacecep, amarga rakyat iku padha wedi marang supatane mau.

27. Mung Pangeran Yonatan ora miyarsa manawa ramane wus dhawuh supata marang wong akeh. Panjenengane ngacungake teken kang ana ing astane lan pucuke dicelupake ing tala madu; nuli ndulit karo astane kacecep, temah tingale dadi padhang.

28. Tumuli ana salah sawijining wong saka ing antarane rakyat iku, kang ngucap mangkene: “Rama dalem sampun ndawuhi rakyat supados supaos kalayan saestu, pangandikanipun: Kenaa ing ipat-ipat wong kang mangan apa-apa ing dina iki; milanipun tiyang kathah sami sayah lan lemes.”

29. Pangeran Yonatan banjur ngandika: “Kanjeng rama gawe cilakane negara mara delengen, mripatku dadi padhang banget, sabubare aku ngicipi madu sathithik iki.

30. Apamaneh, saupama wong akeh ing dina iki diparengake mangan sawarege saka oleh-olehane rayahaning mungsuh! Nanging saiki ora sapiraa kalahe bangsa Filisti.”

31. Ing dina iku wong Israel wis ngalahake bangsa Filisti saka ing Mikhmas tutug ing Ayalon. Rakyat wis sayah lan nglentrih banget,

32. mulane padha nempuh rayahane, padha njupuk wedhus, sapi lan pedhet, iku padha disembelehi mangkono bae ana ing lemah lan dipangan sagetihe.

33. Bab iku nuli diaturake marang Sang Prabu Saul, unjuke: “Kauningana, rakyat sami lampah dosa wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, inggih punika anggenipun nedha dalah saerahipun.” Sang Prabu Saul banjur ngandika: “Kowe padha laku cidra, padha ngglundhungna watu gedhe mrene, saiki uga.”

34. Sang Prabu Saul nuli ngandika maneh: “Padha midera ing satengahing rakyat lan padha kandhanana: Saben wong nggawaa sapine utawa wedhuse marang ing ngarsaku, iku belehen ing kene, kowe nuli kena mangan. Nanging aja nglakoni dosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah, yaiku mangan sagetihe.” Wong kabeh nuli padha nuntun sapine mrana ing bengi iku lan disembeleh ana ing kana.

35. Sang Prabu Saul banjur yasa misbyah sumaos marang Sang Yehuwah, yaiku wiwitane ana misbyah sumaos marang Sang Yehuwah.

36. Sang Prabu Saul ngandika maneh: “Payo kita padha mburu wong Filisti ing bengi iki, lan njarahi nganti bangun esuk sarta aja ana kang diuripi siji-sijia.” Ature wong akeh iku: “Sumangga katindakna punapa ingkang kagalih prayogi.” Nanging ature imam: “Sumangga sami sowan dhateng ing ngarsanipun Sang Yehuwah rumiyin.”

37. Sang Prabu banjur neges marang Gusti Allah, unjuke: “Punapa kawula kepareng mbujeng tiyang Filisti punika? Punapa Paduka badhe masrahaken tiyang-tiyang punika dhateng ing tanganipun tiyang Israel?” Nanging ing dina iku Panjenengane ora paring wangsulan marang Sang Prabu Saul.

38. Sang Prabu Saul banjur ngandika: “He sakehing panggedhening rakyat padha majua mrene; padha titipriksanen apa jalarane dosa kang kelakon ing dina iki.

39. Amarga demi asmane Sang Yehuwah, kang gesang, kang mitulungi Israel, sanadyan kang njalari iku putraku Yonatan, iku mesthi bakal kaukum pati!” Nanging ing antarane rakyat ora ana wong siji-sijia kang ngaturi wangsulan.

40. Wasana Sang Prabu Saul ngandika marang sakehe wong Israel: “Kowe padha ngadega ana ing sisih kana, dene aku lan putraku Yonatan ana ing sisih kene.” Wong akeh banjur munjuk marang Sang Prabu Saul: “Sumangga katindakna, punapa ingkang kagalih prayogi.”

maca bab lengkap 1 Samuel 14