Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 14:13-30 Kitab Sutji (JAV)

13. Pangeran Yonatan banjur krekelan munggah, kadherekake dening abdine. Wong iku padha mati katempuh dening Pangeran Yonatan, dene abdine juru ngampil gegaman, kang mateni wong-wong iku saka ing buri.

14. Kasoran kang kapisan kang kelakon marga saka panempuhe Pangeran Yonatan lan abdine kang ngampil gegaman kang oleh pepati kira-kira wong rong puluh, iku kelakone ana ing wewengkon kang dohe watara setengah palukon ing pategalan.

15. Tumuli tuwuh pagiris ing pakemahan, ing ara-ara lan ing antarane rakyat kabeh. Uga para prajurit pangawal lan tukang ngrayah padha giris lan bumi nganti gonjing, temah nganakake pagiris kang saka Gusti Allah.

16. Bareng para prajurite jaga-baya Sang Prabu Saul ing Gibea-Benyamin weruh kang mangkono iku -- lan wong padha ribut lumaku mrana-mrene kaya alun kang ngombak-ombak mrana-mrene. --

17. Sang Prabu ngandika marang bala kang padha ndherek panjenengane: “Niti-priksaa pabarisan, sapa kang ora ana.” Banjur padha niti-priksa lan kasumurupan yen Pangeran Yonatan karo abdine juru ngampil gegaman ora ana.

18. Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Imam Ahia: “Klambine efod gawanen mrene!” Amarga ing wektu samana Imam Ahia kang nganggo efod ana ing antarane bangsa Israel.

19. Nanging nalika Sang Prabu Saul lagi wawan sabda karo imam iku, saya kisruh kaanane ing pakemahane bangsa Filisti, temah Sang Prabu Saul ngandika maneh marang imam iku: “Togna bae!”

20. Sang Prabu Saul lan sakehe wong kang ndherek panjenengane banjur padha ngumpul; bareng padha tekan ing papan paperangan, katon kabeh wong padha pedhang-pinedhang, ndadekake geger puyengan.

21. Apa maneh wong Ibrani kang wus lawas manggon amor karo bangsa Filisti sarta kang wus melu maju perang awor karo wadya-balane padha mbalik ngiloni para wong Israel, kang padha ndherek Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan.

22. Malah, bareng sakehing wong Israel kang padha umpetan ing pagunungan Efraim krungu, yen bangsa Filisti padha keplayu, para wong iku padha manunggal ana ing paprangan.

23. Mangkono anggone Sang Yehuwah mitulungi wong Israel ing dina iku. Peperangan iku ngambra-ambra nganti ngliwati Bet-Awen.

24. Bareng wong Israel padha kesuk ing dina iku, Sang Prabu Saul dhawuh marang rakyat supaya ngucapake ipat-ipat, pangandikane: “Kenaa ing ipat-ipat wong kang mangan apa-apa sadurunge srengenge angslup lan sadurunge males ukum marang mungsuhku.” Mulane ora ana wong siji-sijia kang mangan apa-apa.

25. Lakune bala akeh iku tekan ing alas lan ing kono ana madu ing lemah.

26. Bareng rakyat tekan ing alas mau, katon ana madu mili ana ing kono, nanging ora ana wong siji-sijia kang ndulit srana drijine lan banjur kacecep, amarga rakyat iku padha wedi marang supatane mau.

27. Mung Pangeran Yonatan ora miyarsa manawa ramane wus dhawuh supata marang wong akeh. Panjenengane ngacungake teken kang ana ing astane lan pucuke dicelupake ing tala madu; nuli ndulit karo astane kacecep, temah tingale dadi padhang.

28. Tumuli ana salah sawijining wong saka ing antarane rakyat iku, kang ngucap mangkene: “Rama dalem sampun ndawuhi rakyat supados supaos kalayan saestu, pangandikanipun: Kenaa ing ipat-ipat wong kang mangan apa-apa ing dina iki; milanipun tiyang kathah sami sayah lan lemes.”

29. Pangeran Yonatan banjur ngandika: “Kanjeng rama gawe cilakane negara mara delengen, mripatku dadi padhang banget, sabubare aku ngicipi madu sathithik iki.

30. Apamaneh, saupama wong akeh ing dina iki diparengake mangan sawarege saka oleh-olehane rayahaning mungsuh! Nanging saiki ora sapiraa kalahe bangsa Filisti.”

maca bab lengkap 1 Samuel 14