Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 13:6-16 Kitab Sutji (JAV)

6. Bareng bala Israel weruh, yen kejepit -- amarga wong-wong pancen kesuk -- wong-wong nuli padha mlayu ndhelik ing guwa, lowahan watu, gunung parang, erong watu lan ing sumur.

7. Malah ana wong Ibrani kang nyabrang ing bengawan Yarden ngener tanah Gad lan Gilead, dene Sang Prabu Saul isih ana ing Gilgal, rakyat kabeh padha ndherek kalawan giris.

8. Panjenengane ngentosi pitung dina nganti tumeka ing wektu kang wus katemtokake dening Nabi Samuel. Nanging bareng Nabi Samuel ora rawuh ing Gilgal, balane wiwit padha buyar, ninggal panjenengane.

9. Mulane Sang Prabu Saul ngandika: “Kurbane obaran lan kurbane kaslametan iku ajokna mrene marang ngarsaningsun.” Sang Prabu banjur saos kurban obaran.

10. Lagi bae rampung ngaturake kurban obaran, Nabi Samuel rawuh. Sang Prabu Saul methuk ngaturake pambagya wilujeng.

11. Nanging Nabi Samuel ngandika: “Panjenengan dalem nindakaken punapa?” Wangsulane Sang Prabu: “Sarehne kula ningali rakyat sami buyar nilar kula lan panjenengan boten rawuh ing wanci ingkang sampun katemtokaken, mangka tiyang Filisti sampun ngempal wonten ing Mikhmas,

12. kula lajeng manah: Sadhela engkas wong Filisti nempuh aku ing Gilgal, mangka durung nyuwun sihkadarmane Sang Yehuwah, milanipun kula lajeng kamipurun ngaturaken kurban obaran.”

13. Pangandikane Nabi Samuel marang Sang Prabu Saul: “Tindak dalem punika boten wicaksana. Panjenengan dalem boten nuhoni dhawuhipun Sang Yehuwah, Gusti Allah dalem ingkang dipun dhawuhaken dhateng panjenengan dalem; amargi pancenipun Sang Yehuwah badhe nyantosakaken karajan dalem tumrap tiyang Israel ing salami-laminipun.

14. Nanging sapunika karajan dalem boten badhe lestantun. Sang Yehuwah sampun miji tiyang ingkang ndadosaken keparenging penggalihipun lan Panjenenganipun sampun nuding tiyang wau kajumenengaken ratu kangge umatipun, amargi panjenengan dalem boten netepi punapa ingkang dados dhawuhipun dhumateng panjenengan dalem.”

15. Nabi Samuel banjur jumeneng lan tindak saka ing Gilgal menyang ing Gibea Benyamin. Sang Prabu Saul banjur nacahake bala kang ndherek panjenengane, tinemu watara nem atus kehe.

16. Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan putrane, sarta bala kang padha ndherek, mapan ana ing Gibea Benyamin, dene wong Filisti padha kekemah ana ing Mikhmas.

maca bab lengkap 1 Samuel 13