Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 13:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu Saul yuswa semene taun, nalika jumeneng ratu, rong taun anggone ngereh Israel.

2. Sang Prabu Saul milih wong telung ewu saka antarane wong Israel, kang rong ewu ndherek Sang Prabu ana ing Mikhmas lan ana ing pagunungan Betel, dene kang sewu ndherek Pangeran Yonatan ing Gibea-Benyamin, nanging luwihe saka iku padha didhawuhi mulih menyang kemahe dhewe-dhewe.

3. Pangeran Yonatan ngasorake bala Filisti kang ngejegi Geba lan prakara iku keprungu dening bala Filisti. Awit saka iku Sang Prabu Saul dhawuh ngunekake kalasangka ing saindenging nagara amarga panggalihe: “Wong Ibrani kareben padha krungu.”

4. Mengkono iku sakehe wong Israel banjur padha krungu kabar, yen Sang Prabu Saul wis ngalahake bala Filisti kang ngejegi, lan awit saka iku wong Israel banjur disengiti dening bangsa Filisti. Wong Israel tumuli dikerigake, didhawuhi ndherek Sang Prabu Saul menyang ing Gilgal.

maca bab lengkap 1 Samuel 13