Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 12:18-25 Kitab Sutji (JAV)

18. Nabi Samuel banjur nyebut marang Sang Yehuwah, nuli Sang Yehuwah ing dina iku paring gludhug lan udan, temah wong sabangsa kabeh padha wedi marang Sang Yehuwah lan marang Nabi Samuel.

19. Wong sabangsa kabeh padha matur marang Nabi Samuel: “Panjenengan karsaa ndongakaken para abdi panjenengan dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, supados kula sampun ngantos sami pejah, amargi anggen kula nyuwun ratu, kula mewahi dosa kula, jalaran saking piawon punika.”

20. Lan Nabi Samuel ngandika marang bangsa iku: “Aja padha wedi, pancen kowe wus padha nglakoni piala iki, nanging aja kendhat anggonmu ngetutwuri Sang Yehuwah, malah anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah diklawan gumolonging atimu.

21. Aja nyleweng ngetutake dewa kang tanpa guna, lan ora ana paedahe, sarta kang ora bisa mitulungi kowe, amarga kabeh iku ora ana nyatane.

22. Ujer Sang Yehuwah ora bakal mbucal umate, amarga saka asmane kang agung. Sang Yehuwah rak wis marengake kowe dadi kagungane?

23. Mungguh ing aku, muga adoha saka ing dosa marang Sang Yehuwah, nganti leren anggonku ndongakake kowe; aku bakal nuduhake kowe marang dalan kang becik lan bener.

24. Mung bae kowe wedia marang Sang Yehuwah lan ngabektia klawan tumemen marang Panjenengane lan klawan gumolonging atimu, amarga sumurupa, sapira gedhene prakara-prakara kang katindakake ana ing antaramu.

25. Nanging manawa kowe ndlarung nglakoni ala, kowe bakal disirnakake, iya kowe iya ratumu.”

maca bab lengkap 1 Samuel 12