Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 10:18-27 Kitab Sutji (JAV)

18. Lan panjenengane ngandika marang wong Israel mau mangkene: “Pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allah Israel mangkene: Ingsun wus ngentasake bangsa Israel saka ing tanah Mesir lan wus ngluwari sira saka ing tangane wong Mesir lan saka ing tangane sakehe karajan kang padha nindhes sira.

19. Nanging saiki sira nampik Gusti Allahira, kang mitulungi sira saka sakehing kasangsaran lan karubedanira, kanthi aturira: Boten, mugi njumenengna ratu ingkang ngereh kula. Mulane padha sebaa ana ing ngarsane Sang Yehuwah miturut taler-taler lan golongan-golonganmu!”

20. Nabi Samuel banjur ndhawuhi maju sakehing talere Israel; ing kono kang katuding taler Benyamin.

21. Sawuse iku taler Benyamin didhawuhi maju bebrayatan, banjur kang katuding brayate Matri; brayate Matri banjur kadhawuhan maju siji-siji, wasana Saul anake Kisy kang katuding. Nanging bareng digoleki ora ketemu.

22. Mulane banjur neges marang Sang Yehuwah: “Punapa tiyangipun inggih mriki?” Sang Yehuwah paring wangsulan: “Lah wonge ndhelik ana ing antarane barang-barang.”

23. Wong banjur mlayu marani Saul diajak saka ing kono lan bareng Saul ngadeg ana ing satengahing bangsane, wong-wong dedege mung sapundhake.

24. Lan Nabi Samuel banjur ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Sawangen, wong kang kapilih dening Sang Yehuwah iku. Amarga saka sakehing bangsa iku ora ana wong siji bae kang madhani.” Wong sabangsa banjur padha surak-surak, unine: “Sugenga Sang Prabu!”

25. Nabi Samuel banjur ngandharake marang wong akeh bab wewenange karajan kang nuli katulisan ana ing piagem lan diselehake ana ing ngarsane Sang Yehuwah; sawise iku Nabi Samuel dhawuh marang wong sabangsa kabeh supaya padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe.

26. Sang Prabu Saul, uga kondur menyang ing daleme ing Gibea, kadherekake para wong gagah prakosa, kang diosikake atine, dening Sang Yehuwah.

27. Nanging ana wong dursila kang padha ngucap: “Wong iku mangsa bisaa mitulungi kita!” Iku padha ngremehake lan ora ngaturi pisungsung. Ewadene Sang Prabu Saul api-api ora miyarsa.

maca bab lengkap 1 Samuel 10