Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 10:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Nabi Samuel banjur mundhut guci isi lenga, disuntak ing sirahe Saul, diambung karo ngandika: “Sang Yehuwah rak wus njebadi kowe dadi ratu tumrap umate Israel? Kowe bakal nyekel paprentahan, ngereh umate Sang Yehuwah lan kowe bakal ngluwari bangsa Israel saka ing tangane para mungsuh ing sakubenge. Iki pratandhane kanggo kowe, yen Sang Yehuwah wis njebadi kowe dadi ratune kagungane piyambak:

2. Samangsa ing dina iki kowe mangkat saka kene, kowe bakal kapethuk karo wong loro ing sacedake pasareane Ibu Rakhel, ing tlatah Benyamin, ing Zelzah. Iku bakal tutur marang kowe: Kuldi-kuldi kang kokgoleki iku wis ketemu; lan bapakmu ora mikir marang kuldine maneh, nanging genti nyumelangake marang kowe, pangucape: Kapriye akalku kanggo anakku iki?

3. Saka ing kana kowe bakal mlaku terus bae nganti tutug ing elon ing Tabor. Ing kono kowe bakal kapethuk wong lanang telu, kang padha munggah sowan marang ing ngarsane Gusti Allah ing Betel; kang siji nuntun cempe telu, sijine nggawa roti telung iji, lan katelune nggawa anggur saimpes.

4. Iku bakal padha uluk salam marang kowe lan kowe diwenehi rotine rong iji, kang koktampani.

5. Sawuse iku lakumu bakal tutug ing Gibea Allah, papan pandhudhukane bala Filisti. Lan manawa kowe mlebu kutha, ing kono kowe bakal kapethuk golongane nabi, kang mudhun saka tetengger pangurbanan, ing ngarepe ana wong kang nggawa slukat, trebang, suling lan clempung, iku dhewe padha medhar wangsit kaya nabi.

6. Dene Rohe Sang Yehuwah bakal nedhaki kowe, kowe bakal bebarengan karo para nabi iku lan kowe bakal malih dadi wong seje.

7. Samangsa kowe katekan pratandha iki, lakonana apa bae kang tinemu dening tanganmu, amarga Gusti Allah nunggil karo kowe.

8. Kowe ndhisikana lakuku menyang ing Gilgal; lan aku bakal nekani kowe arep nyaosake kurban obaran lan kurban slametan. Kowe ngentenana pitung dina lawase, nganti aku nekani kowe lan aweh sumurup marang kowe apa kang wajib koklakoni.”

9. Bareng Saul ungkur-ungkuran karo Nabi Samuel Gusti Allah nyantuni atine Saul dadi seje. Lan sakehing pranatan kang kapratelakake mau padha kelakon ing dina iku uga.

10. Bareng saka ing kono lakune tekan ing Gibea Saul kapethuk nabi sagolongan: Rohe Gusti Allah nedhaki Saul lan Saul banjur melu medhar wangsit kaya nabi liyane kang ana ing satengahe.

11. Lan wong kang wis wiwit biyen padha wanuh karo Saul padha gumun weruh Saul medhar wangsit karo nabi-nabi iku; siji karo sijine banjur padha rerasanan: “Kena apa ta anake Kisy iku? Apa Saul iya kagolong para nabi iku?”

12. Banjur ana wong sumaur saka panggonan kono: “Wong-wong iku sapa ta kang dadi bapakne?” Mulane katelah ana pribasan: Saul apa iya kagolong para nabi?

maca bab lengkap 1 Samuel 10