Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 1:9-17 Kitab Sutji (JAV)

9. Nuju ing sawijining dina sabubare padha mangan lan ngombe ana ing Silo, Hana banjur ngadeg, nalika Imam Eli pinuju lenggah ana ing kursi sandhing pipining lawang ing padalemane suci Sang Yehuwah,

10. lan kalawan ati kang sedhih Hana nyenyuwun marang Sang Yehuwah, kambi nangis senggrak-senggruk.

11. Banjur nglairake ujar, unjuke: “Dhuh Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, manawi Paduka nggalih dhateng karibedanipun abdi Paduka lan karsa ngengeti kawula saha boten kasupen dhateng abdi Paduka, nanging maringi anak jaler dhateng abdi Paduka punika, kawula badhe ngaturaken lare punika dhateng Sang Yehuwah sajeging gesangipun saha sirahipun boten badhe kagepok ing lading panyukuran.”

12. Nalika wong wadon iku ngganter ndedonga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Imam Eli namatake cangkeme wong wadon iku,

13. lan sarehne Hana anggone ngucap iku sajroning atine, tuwin mung lambene bae kang umak-umik lan ora keprungu suwarane, Imam Eli ngira manawa wong iku mendem.

14. Imam Eli banjur ngandika: “Nganti sapira suwene anggonmu tumindak kaya wong mendem? Maria anggonmu mendem!”

15. Nanging Hana mangsuli: “Boten dhuh Rama, kula satunggiling tiyang estri ingkang saweg nandhang sisah sanget; kula boten ngombe anggur utawi minuman ingkang mendemi, nanging ngesokaken isining manah kawula wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.

16. Sampun nganggep abdi panjenengan punika tiyang estri awon, margi saking sangeting bebeg saha sakiting manah kula ngantos wicanten dangu makaten.”

17. Wangsulane Imam Eli: “Mundura kanthi tentrem rahayu, lan muga-muga Gusti Allahe Israel minangkani panyuwunmu.”

maca bab lengkap 1 Samuel 1