Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 1:8-26 Kitab Sutji (JAV)

8. Elkana, somahe nuli mituturi mangkene: “Hana, yagene kowe nangis lan apa sebabe kowe emoh mangan? Ajine awakku apa ora ngungkuli anak lanang sepuluh?”

9. Nuju ing sawijining dina sabubare padha mangan lan ngombe ana ing Silo, Hana banjur ngadeg, nalika Imam Eli pinuju lenggah ana ing kursi sandhing pipining lawang ing padalemane suci Sang Yehuwah,

10. lan kalawan ati kang sedhih Hana nyenyuwun marang Sang Yehuwah, kambi nangis senggrak-senggruk.

11. Banjur nglairake ujar, unjuke: “Dhuh Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, manawi Paduka nggalih dhateng karibedanipun abdi Paduka lan karsa ngengeti kawula saha boten kasupen dhateng abdi Paduka, nanging maringi anak jaler dhateng abdi Paduka punika, kawula badhe ngaturaken lare punika dhateng Sang Yehuwah sajeging gesangipun saha sirahipun boten badhe kagepok ing lading panyukuran.”

12. Nalika wong wadon iku ngganter ndedonga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Imam Eli namatake cangkeme wong wadon iku,

13. lan sarehne Hana anggone ngucap iku sajroning atine, tuwin mung lambene bae kang umak-umik lan ora keprungu suwarane, Imam Eli ngira manawa wong iku mendem.

14. Imam Eli banjur ngandika: “Nganti sapira suwene anggonmu tumindak kaya wong mendem? Maria anggonmu mendem!”

15. Nanging Hana mangsuli: “Boten dhuh Rama, kula satunggiling tiyang estri ingkang saweg nandhang sisah sanget; kula boten ngombe anggur utawi minuman ingkang mendemi, nanging ngesokaken isining manah kawula wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.

16. Sampun nganggep abdi panjenengan punika tiyang estri awon, margi saking sangeting bebeg saha sakiting manah kula ngantos wicanten dangu makaten.”

17. Wangsulane Imam Eli: “Mundura kanthi tentrem rahayu, lan muga-muga Gusti Allahe Israel minangkani panyuwunmu.”

18. Sawuse iku wong wadon mau matur: “Mugi abdi panjenengan angsala sih piwelas wonten ing ngarsa panjenengan.” Wong wadon mau tumuli metu, banjur gelem mangan lan ulate ora suntrut maneh.

19. Esuke wayah umun-umun padha tangi nuli manembah ana ing ngarsane Sang Yehuwah, wasana banjur padha bali mulih menyang ing Rama. Nalika Elkana nunggal turu karo Hana, bojone, diengeti dening Sang Yehuwah.

20. Sawuse setaun Hana ngandhut lan nglairake bayi lanang, kang dijenengake Samuel, amarga pangucape: “Iku olehku nyuwun marang Sang Yehuwah.”

21. Elkana, kang lanang mau, nuli munggah dalah sakulawargane nyaosake kurban sembelehan taunan lan ngluwari nadare marang Sang Yehuwah.

22. Nanging Hana ora melu, awit pangucape marang kang lanang: “Benjing manawi larenipun sampun kasapih, kula badhe ngeteraken piyambak, dene lare punika sageda ngadhep wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah lan tetepa wonten ing ngrika ing sajegipun gesang.”

23. Wangsulane Elkana bojone, marang Hana: “Lakonana apa kang kokanggep becik, asoa ing omah bae nganti anakmu koksapih; Sang Yehuwah muga netepana ing prasetyane.”Dadine wong wadon iku kari ana ing omah lan nusoni anake, nganti tumeka wayahe disapih.

24. Sawuse wong wadon iku nyapih anake, anake iku banjur diajak, kanthi nggawa sapi lanang kang umur telung taun, glepung saefa, lan anggur saimpes, iku banjur disaosake menyang ing padalemane Sang Yehuwah, ing Silo. Ing wektu semana bocahe isih cilik banget.

25. Sapine banjur disembeleh lan bocahe nuli disaosake marang ing ngarsane Imam Eli.

26. Ature Hana: “Kula nuwun Rama, kula keparenga matur, demi kasungengan panjenengan, kula punika tiyang estri ingkang kala rumiyin ngadhep wonten ing ngarsa panjenengan ngriki nyenyuwun dhumateng Sang Yehuwah.

maca bab lengkap 1 Samuel 1