Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 1:2-11 Kitab Sutji (JAV)

2. Elkana iku bojone loro: kang siji jenenge Hana, sijine Penina. Penina iku anak-anak, nanging Hana ora.

3. Wong iku saben taun lelungan saka ing kuthane arep munggah manembah lan saos kurban marang Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi ing Silo. Kang dadi imaming Sang Yehuwah ana ing kono yaiku putrane Imam Eli, Hofni lan Pinehas.

4. Nuju ing sawijining dina Elkana saos kurban, Penina bojone, anak-anake lanang-wadon padha diwenehi saduman.

5. Sanadyan Hana dikasihi, uga mung oleh saduman, awit Sang Yehuwah ora maringi anak marang dheweke.

6. Nanging marune tansah nglarakake atine kareben nepsu, amarga Sang Yehuwah nutup guwagarbane.

7. Kaya mengkono kang kelakon saben taun, saben Hana munggah menyang ing padalemane Sang Yehuwah, Penina nglarakake atine, Hana temah nangis lan emoh mangan.

8. Elkana, somahe nuli mituturi mangkene: “Hana, yagene kowe nangis lan apa sebabe kowe emoh mangan? Ajine awakku apa ora ngungkuli anak lanang sepuluh?”

9. Nuju ing sawijining dina sabubare padha mangan lan ngombe ana ing Silo, Hana banjur ngadeg, nalika Imam Eli pinuju lenggah ana ing kursi sandhing pipining lawang ing padalemane suci Sang Yehuwah,

10. lan kalawan ati kang sedhih Hana nyenyuwun marang Sang Yehuwah, kambi nangis senggrak-senggruk.

11. Banjur nglairake ujar, unjuke: “Dhuh Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, manawi Paduka nggalih dhateng karibedanipun abdi Paduka lan karsa ngengeti kawula saha boten kasupen dhateng abdi Paduka, nanging maringi anak jaler dhateng abdi Paduka punika, kawula badhe ngaturaken lare punika dhateng Sang Yehuwah sajeging gesangipun saha sirahipun boten badhe kagepok ing lading panyukuran.”

maca bab lengkap 1 Samuel 1