Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 8:9-24 Kitab Sutji (JAV)

9. Ing sajroning pethi iku ora ana apa-apane kajaba mung watu blabagan loro kang didekek ing jero kono dening Nabi Musa ana ing gunung Horeb, yaiku watu blabagan kang katulisan prajanjian kang dianakake dening Sang Yehuwah kalawan wong Israel nalika padha metu saka ing tanah Mesir.

10. Bareng para imam padha metu saka ing pasucen, padalemane Sang Yehuwah banjur kalimputan ing mega,

11. nganti para imam ora tahan ngadeg nindakake pangibadah, marga saka mega iku, jalaran kamulyaning Yehuwah ngebeki padalemane Sang Yehuwah.

12. Ing nalika samana Sang Prabu Suleman nuli ngandika:“Pangeran Yehuwah wus mrenahake srengenge ana ing langit,nanging Panjenengane milaur dedalem ana ing pepeteng.

13. Kawula sapunika sampun yasa padaleman kagem Paduka,papan palereman Paduka ing salami-laminipun.”

14. Sawuse mangkono Sang Prabu nuli minger mberkahi sapasamuwane Israel kabeh, anadene sapasamuwane Israel kabeh padha ngadeg.

15. Sang Prabu ngandika: “Pinujia Pangeran Yehuwah, Allahe Israel, kang wus ngrampungake kalawan astane apa kang wus kapangandikakake kalawan lesane marang Sang Prabu Dawud, ramaku, mangkene:

16. Wiwit Ingsun ngirid umatingSun Israel metu saka ing tanah Mesir, ing antarane sakehe suku Israel ora ana kutha kang Sunpilih, kang bakal Sundegi padaleman kang dadi padalemaning asmaningSun, nanging Ingsun wus milih Dawud, supaya ngwasani umatingSun Israel.”

17. Sang Prabu nuli nglajengake pangandikane: “Ing nalika Sang Prabu Dawud, ramaku, kagungan karsa arep ngedegake padaleman kagem asmaning Pangeran Yehuwah Allahe Israel,

18. Pangeran Yehuwah ngandika marang panjenengane: Sira duwe karep bakal ngedegake padaleman kanggo asmaningSun, karepira mangkono iku pancen becik;

19. mung bae dudu sira kang bakal ngedegake padaleman iku, nanging anakira dhewe, kang besuk bakal lair, iku kang bakal ngedegake padaleman iku kagem asmaningSun.

20. Dadine Sang Yehuwah wus netepi janji kang wus kapangandikakake; aku wus jumeneng nggenteni Sang Prabu Dawud, ramaku, lan wus nglungguhi dhamparing karajan Israel, ngetrepi pangandikane Sang Yehuwah; aku wus ngedegake padaleman iki kagem asmane Sang Yehuwah,

21. sarta nyadhiyakake papan ana ing kana kanggo pethine, kang ngemot prajanjian kang wus kaanakake dening Sang Yehuwah kalawan leluhur kita, nalika padha kairid dening Panjenengane metu saka ing tanah Mesir.”

22. Sang Prabu Suleman banjur jumeneng ana ing ngarepe misbyahe Sang Yehuwah, kaadhep ing sapasamuwane Israel kabeh, sarta ngegarake astane marang ing langit tuwin munjuk:

23. “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, boten wonten Allah ingkang kados Paduka ing langit nginggil saha ing bumi ngandhap; Paduka ingkang ngugemi prajanjian saha sih-kadarman dhumateng para abdi Paduka, ingkang kanthi gumolonging manahipun lumampah wonten ing ngarsa Paduka.

24. Paduka ingkang nglestantunaken janji Paduka dhumateng abdi Paduka Prabu Dawud, rama kawula, saha ingkang sampun netepi kalayan asta Paduka, punapa ingkang sampun Paduka pangandikakaken kalayan lesan Paduka, kadosdene ingkang kalampahan ing dinten punika.

maca bab lengkap 1 Para Raja 8