Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 8:49-66 Kitab Sutji (JAV)

49. Paduka mugi karsaa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, dhumateng pandonga tuwin panyuwunanipun saha Paduka mugi karsaa paring kaadilan dhumateng tiyang-tiyang wau.

50. Paduka mugi karsaa paring pangapunten dhumateng umat Paduka ingkang sampun dosa dhumateng Paduka punika, karsaa ngapunten sakathahing panerakipun ingkang katandukaken dhumateng Paduka punika, saha mugi Paduka karsaa ndadosaken tiyang-tiyang wau sami tampi sih-piwelasipun para tiyang ingkang mboyongi kadadosaken tawanan, satemah lajeng sami dipun welasi,

51. awit punika umat Paduka tuwin kagungan Paduka, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir saking satengahing dhapur pangleburan tosan.

52. Paduka mugi karsaa mbikak paningal Paduka tumrap panyuwunanipun abdi Paduka saha tumrap panyuwunanipun umat Paduka Israel sarta mugi Paduka karsaa midhangetaken dhumateng tiyang-tiyang wau, kaping pinten kemawon anggenipun sami nyenyuwun dhumateng Paduka.

53. Amargi Paduka ingkang sampun misahaken tiyang-tiyang wau saking antawisipun sadaya bangsa ingkang wonten ing bumi, Paduka dadosaken kagungan Paduka, kadosdene ingkang sampun Paduka pangandikakaken lumantar Nabi Musa, abdi Paduka, nalika Paduka ngirid leluhur kawula sadaya medal saking ing tanah Mesir, dhuh Pangeran Yehuwah!”

54. Bareng Sang Prabu Suleman wus rampung anggone ngunjukake sakehe pandonga lan panyuwunan marang Sang Yehuwah, panjenengane banjur jumeneng saka ing sangarepe misbyahe Sang Yehuwah yaiku sawuse jengkeng kalawan ngegarake astane marang ing langit.

55. Panjenengane nuli jumeneng lan mberkahi sapasamuwane Israel kabeh kalawan swara sora, pangandikane:

56. “Pinujia Pangeran Yehuwah kang paring papan pangasoan marang umate Israel, ngetrepi apa kang kapangandikakake; sakehe kang becik, kang wus kajanjekake lumantar Nabi Musa, abdine, ora ana siji bae kang ora ditetepi.

57. Pangeran Yehuwah Allah kita, muga karsaa nunggil kalawan kita, kayadene wus nunggil kalawan leluhur kita, muga Panjenengane aja nganti nilar kita lan aja nganti negakake kita,

58. nanging ati kita muga kagendenga marang ing Panjenengane, supaya laku kita metu ing sakehing dalan kang wus katedahake lan supaya kita lestari nindakake sakehe dhawuhe tuwin katetepane sarta pranatane kang kadhawuhake marang leluhur kita.

59. Tembung kang wus dakunjukake marang Sang Yehuwah mau, muga cedhaka kalawan Sang Yehuwah, Allah kita, rina lan wengi, supaya Panjenengane banjur paring kaadilan marang abdine lan marang umate Israel, mawa-mawa kabutuhane ing sadina-dina,

60. supaya sakehing bangsa ing bumi padha sumurup, manawa Sang Yehuwah iku Gusti Allah, lan ora ana liyane,

61. sarta muga kowe kabeh padha lumadi marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kalawan gumolonging atimu apadene lakumu muga mituruta ing sakehe katetepane sarta tansah nindakake sakehing prentahe kaya dene ing dina iki.”

62. Sang Prabu kalawan wong Israel kabeh banjur nyaosake kurban sembelehan ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.

63. Minangka kurban slametan marang Sang Yehuwah, Sang Prabu Suleman nyaosake sapi rolikur ewu lan wedhus satus rongpuluh ewu. Kaya mangkono Sang Prabu lan wong Israel kabeh anggone ngresmekake padalemane Sang Yehuwah mau.

64. Ing dina iku uga Sang Prabu nucekake tengah-tengahe plataran ing sangarepe padalemane Sang Yehuwah, amarga iya ana ing kono iku anggone panjenengane nyaosake kurban obaran, kurban dhaharan lan sakehe gajihe kurban slametan, amarga misbyah tembaga kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah iku keciliken manawa kanggo ndekekake kurban obaran lan kurban dhaharan sarta sakehe gajihe kurban slametan mau.

65. Sang Prabu Suleman ing wektu iku uga banjur nganakake pahargyan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, lawase pitung dina, bebarengan karo wong Israel kabeh, sawijining pasamuwan kang gedhe wiwit ing dalan lumebu marang Hamat nganti tekan ing kaline Mesir.

66. Ing dina kang kaping wolu wong akeh mau padha kadhawuhan bubaran. Wong-wong iku nuli padha nyuwunake berkah Sang Prabu, sawuse mangkono banjur padha mulih menyang ing tarube dhewe-dhewe kalawan suka-suka lan bungah-bungah ing bab sakehing prakara kang becik kang katandukake dening Sang Yehuwah marang Sang Prabu Dawud, abdine, lan marang wong Israel, umate.

maca bab lengkap 1 Para Raja 8