Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 8:44-50 Kitab Sutji (JAV)

44. Samangsa umat Paduka ngedali perang nglawan mengsahipun, dhatenga pundi kemawon anggen Paduka ndhawuhi, tuwin manawi lajeng sami ndedonga dhumateng Pangeran Yehuwah kalayan majeng dhateng ing kitha ingkang sampun Paduka pilih saha dhateng padaleman ingkang sampun kawula degaken kagem asma Paduka,

45. Paduka mugi karsaa miyarsakaken wonten ing swarga dhateng pandonga saha panyuwunipun punapa dene Paduka mugi karsaa paring kaadilan dhumateng tiyang-tiyang wau.

46. Manawi sami tumindak dosa dhumateng paduka -- amargi boten wonten tiyang ingkang tanpa dosa -- saha Paduka lajeng duka dhateng tiyang-tiyang wau lan Paduka pasrahaken dhateng mengsah, satemah nunten sami kaboyong dados tawanan dhateng ing nagarining mengsah ingkang tebih utawi ingkang celak;

47. mangka lajeng sami enget ing salebeting manahipun wonten ing tanah pamboyongan wau, saha nunten sami mratobat tuwin sami sesambat dhumateng Paduka wonten ing tanahipun ingkang sami mboyongi punika, saha sami munjuk: Kawula sampun sami nglampahi dosa, sami kalepatan tuwin tumindak duraka,

48. manawi lajeng sami wangsul mratobat dhumateng Paduka kalayan gumolonging manahipun sarta gumolonging nyawanipun wonten ing nagarinipun mengsah ingkang mboyongi kadadosaken tawanan wau, punapa malih manawi sami ndedonga dhumateng Paduka kalayan majeng dhateng ing nagarinipun ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng leluhuripun, dhateng kitha ingkang sampun Paduka pilih saha dhateng ing padaleman ingkang sampun kawula degaken kagem asma Paduka,

49. Paduka mugi karsaa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, dhumateng pandonga tuwin panyuwunanipun saha Paduka mugi karsaa paring kaadilan dhumateng tiyang-tiyang wau.

50. Paduka mugi karsaa paring pangapunten dhumateng umat Paduka ingkang sampun dosa dhumateng Paduka punika, karsaa ngapunten sakathahing panerakipun ingkang katandukaken dhumateng Paduka punika, saha mugi Paduka karsaa ndadosaken tiyang-tiyang wau sami tampi sih-piwelasipun para tiyang ingkang mboyongi kadadosaken tawanan, satemah lajeng sami dipun welasi,

maca bab lengkap 1 Para Raja 8