Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 8:23-38 Kitab Sutji (JAV)

23. “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, boten wonten Allah ingkang kados Paduka ing langit nginggil saha ing bumi ngandhap; Paduka ingkang ngugemi prajanjian saha sih-kadarman dhumateng para abdi Paduka, ingkang kanthi gumolonging manahipun lumampah wonten ing ngarsa Paduka.

24. Paduka ingkang nglestantunaken janji Paduka dhumateng abdi Paduka Prabu Dawud, rama kawula, saha ingkang sampun netepi kalayan asta Paduka, punapa ingkang sampun Paduka pangandikakaken kalayan lesan Paduka, kadosdene ingkang kalampahan ing dinten punika.

25. Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka mugi karsaa ngugemi punapa ingkang Paduka janjekaken dhateng abdi Paduka Prabu Dawud, rama kawula, kalayan pangandika Paduka: Turunira ora bakal punggel ana ing ngarsaningSun lan bakal tetep nglungguhi dhamparing karajan Israel, anggere turun-turunira lestari lumaku ana ing ngarsaningSun, padha kaya anggonira lumaku ana ing ngarsaningSun.

26. Milanipun sapunika, dhuh Gusti Allahipun Israel, mugi ta kayektosana kiyating janji ingkang sampun Paduka pangandikakaken dhumateng abdi Paduka Prabu Dawud, rama kawula.

27. Nanging punapa inggih sayektos Gusti Allah badhe dedalem wonten ing bumi? Saestunipun langit, malah sanadyan langit ingkang wonten ing sanginggilipun langit sadaya, boten saged ngewrat Paduka, punapa malih padaleman ingkang kawula degaken punika.

28. Milanipun Paduka mugi karsaa midhangetaken pandonga saha panyuwunipun abdi Paduka punika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, mugi karsaa miyarsakaken panguwuh tuwin pandonga ingkang kaunjukaken dening abdi Paduka wonten ing ngarsa Paduka ing dinten punika!

29. Mugi Paduka karsaa mirsani padaleman punika kalayan paningal Paduka, rinten kalayan dalu, inggih panggenan ingkang Paduka ngandikakaken: AsmaningSun bakal dumunung ana ing kono. Mugi Paduka karsaa midhangetaken pandonga ingkang kaunjukaken ing abdi Paduka wonten ing panggenan punika.

30. Punapa dene karsaa miyarsakaken panyuwunipun abdi Paduka saha umat Paduka Israel ingkang kaunjukaken wonten ing panggenan punika; inggih Paduka ingkang midhangetaken wonten ing papan padaleman Paduka ing swarga: lan manawi Paduka miyarsakaken, Paduka inggih badhe paring pangapunten.

31. Manawi wonten tiyang ingkang sampun damel dosa dhateng mitranipun, lajeng dipun wajibaken supaos kalayan ngipat-ipati badanipun piyambak, saha nunten supaos wonten ing sangajengipun misbyah Paduka ing salebeting padaleman punika,

32. Paduka mugi inggih karsaa miyarsakaken wonten ing swarga saha tumindak ngadili para abdi Paduka, inggih punika mratelakaken lepatipun tiyang ingkang lepat kalayan ngebregaken pandamelipun dhateng tiyang punika piyambak, nanging mratelakaken leresipun tiyang ingkang leres kalayan paring piwales dhateng tiyang wau ingkang selaras kaliyan kaleresanipun.

33. Manawi umat Paduka Israel dipun kawonaken dening mengsahipun amargi nglampahi dosa dhumateng Paduka, mangka lajeng sami wangsul mratobat dhumateng Paduka saha ngakeni asma Paduka sarta sami ndedonga tuwin nyenyuwun dhumateng Paduka wonten ing padaleman punika,

34. Paduka mugi karsaa miyarsakaken wonten ing swarga saha karsaa ngapunten dosaning umat Paduka Israel lan karsaa mangsulaken dhateng ing tanah ingkang sampun Paduka paringaken dhateng leluhuripun.

35. Manawi langit mineb, satemah boten wonten jawah, amargi tiyang-tiyang wau sami nglampahi dosa dhumateng Paduka, mangka lajeng ndedonga wonten ing panggenan punika sarta ngakeni asma Paduka saha sami nyingkur dhateng dosanipun, jalaran sampun Paduka tindhes,

36. mugi Paduka karsaa midhangetaken wonten ing swarga saha karsaa ngapunten dosaning abdi-abdi Paduka, inggih umat Paduka Israel punika -- amargi Paduka ingkang sampun paring pitedah bab margi ingkang sae ingkang kedah dipun anut -- saha mugi Paduka karsaa paring jawah dhumateng siti Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng umat Paduka dados tanah-pusakanipun.

37. Manawi ing nagari ngriki katempuh ing paceklik, manawi kataman ing pageblug, ama saha penyakit gandum, walang utawi walang kethaha, manawi mengsah damel rupekipun tiyang-tiyang wau wonten ing salah satunggaling kithanipun, manawi wonten wewelak utawi sesakit punapa kemawon,

38. lajeng wonten tiyang utawi umat Paduka Israel punika sadaya sami ngunjukaken pandonga sarta panyuwunan wonten ing padaleman punika kalayan ngulukaken tanganipun -- awit satunggal-satunggalipun sumerep punapa ingkang damel judheging manahipun piyambak punika --

maca bab lengkap 1 Para Raja 8