Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 8:16-29 Kitab Sutji (JAV)

16. Wiwit Ingsun ngirid umatingSun Israel metu saka ing tanah Mesir, ing antarane sakehe suku Israel ora ana kutha kang Sunpilih, kang bakal Sundegi padaleman kang dadi padalemaning asmaningSun, nanging Ingsun wus milih Dawud, supaya ngwasani umatingSun Israel.”

17. Sang Prabu nuli nglajengake pangandikane: “Ing nalika Sang Prabu Dawud, ramaku, kagungan karsa arep ngedegake padaleman kagem asmaning Pangeran Yehuwah Allahe Israel,

18. Pangeran Yehuwah ngandika marang panjenengane: Sira duwe karep bakal ngedegake padaleman kanggo asmaningSun, karepira mangkono iku pancen becik;

19. mung bae dudu sira kang bakal ngedegake padaleman iku, nanging anakira dhewe, kang besuk bakal lair, iku kang bakal ngedegake padaleman iku kagem asmaningSun.

20. Dadine Sang Yehuwah wus netepi janji kang wus kapangandikakake; aku wus jumeneng nggenteni Sang Prabu Dawud, ramaku, lan wus nglungguhi dhamparing karajan Israel, ngetrepi pangandikane Sang Yehuwah; aku wus ngedegake padaleman iki kagem asmane Sang Yehuwah,

21. sarta nyadhiyakake papan ana ing kana kanggo pethine, kang ngemot prajanjian kang wus kaanakake dening Sang Yehuwah kalawan leluhur kita, nalika padha kairid dening Panjenengane metu saka ing tanah Mesir.”

22. Sang Prabu Suleman banjur jumeneng ana ing ngarepe misbyahe Sang Yehuwah, kaadhep ing sapasamuwane Israel kabeh, sarta ngegarake astane marang ing langit tuwin munjuk:

23. “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, boten wonten Allah ingkang kados Paduka ing langit nginggil saha ing bumi ngandhap; Paduka ingkang ngugemi prajanjian saha sih-kadarman dhumateng para abdi Paduka, ingkang kanthi gumolonging manahipun lumampah wonten ing ngarsa Paduka.

24. Paduka ingkang nglestantunaken janji Paduka dhumateng abdi Paduka Prabu Dawud, rama kawula, saha ingkang sampun netepi kalayan asta Paduka, punapa ingkang sampun Paduka pangandikakaken kalayan lesan Paduka, kadosdene ingkang kalampahan ing dinten punika.

25. Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka mugi karsaa ngugemi punapa ingkang Paduka janjekaken dhateng abdi Paduka Prabu Dawud, rama kawula, kalayan pangandika Paduka: Turunira ora bakal punggel ana ing ngarsaningSun lan bakal tetep nglungguhi dhamparing karajan Israel, anggere turun-turunira lestari lumaku ana ing ngarsaningSun, padha kaya anggonira lumaku ana ing ngarsaningSun.

26. Milanipun sapunika, dhuh Gusti Allahipun Israel, mugi ta kayektosana kiyating janji ingkang sampun Paduka pangandikakaken dhumateng abdi Paduka Prabu Dawud, rama kawula.

27. Nanging punapa inggih sayektos Gusti Allah badhe dedalem wonten ing bumi? Saestunipun langit, malah sanadyan langit ingkang wonten ing sanginggilipun langit sadaya, boten saged ngewrat Paduka, punapa malih padaleman ingkang kawula degaken punika.

28. Milanipun Paduka mugi karsaa midhangetaken pandonga saha panyuwunipun abdi Paduka punika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, mugi karsaa miyarsakaken panguwuh tuwin pandonga ingkang kaunjukaken dening abdi Paduka wonten ing ngarsa Paduka ing dinten punika!

29. Mugi Paduka karsaa mirsani padaleman punika kalayan paningal Paduka, rinten kalayan dalu, inggih panggenan ingkang Paduka ngandikakaken: AsmaningSun bakal dumunung ana ing kono. Mugi Paduka karsaa midhangetaken pandonga ingkang kaunjukaken ing abdi Paduka wonten ing panggenan punika.

maca bab lengkap 1 Para Raja 8