Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 8:1-19 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika samana Sang Prabu Suleman ndhawuhake pisowane para pinituwaning Israel lan sakehe kepalaning suku, yaiku para panggedhene kulawangsane wong Israel, kadhawuhan padha nglumpuk ing ngarsane ana ing Yerusalem prelu ngusung pethi prajanjiane Sang Yehuwah saka ing kuthane Sang Prabu Dawud, yaiku Sion.

2. Ing dina riyaya ing sasi Etanim, yaiku sasi kang kapitu, wong Israel kabeh padha nglumpuk ana ing ngarsane Sang Prabu Suleman.

3. Bareng para pinituwaning Israel wus padha teka kabeh, para imam banjur padha ngangkat pethi mau.

4. Kang padha diusungi pethine Sang Yehuwah lan Tarub Pasewakan sarta sakehe barang kang suci kang dumunung ana ing sajroning tarub iku. Iku kabeh padha diusungi dening para imam lan para wong Lewi.

5. Anadene Sang Prabu Suleman lan sakehe umat Israel kang wus padha nglumpuk ana ing ngarsane, padha bebarengan ngadeg ana ing sangareping tarub tuwin padha nyaosake kurban wedhus lan sapi kang cacahe ora kena kawilang utawa kaetung.

6. Sawuse mangkono para imam banjur padha ngusung pethi prajanjiane Sang Yehuwah mau menyang ing panggonane, ing kamare pungkuran padaleman ing papan sucining-asuci, ing sangisore bener swiwining kerub,

7. awit kerub-kerub mau ngegarake swiwine ing sadhuwure pethi, dadine kerub-kerub iku ngaubi pethi dalah pikulane.

8. Pikulan iku marga saka dawane nganti pucuke katon saka ing papan suci, kang ana ing sangareping kamar pungkuran, nanging ora katon saka ing njaba. Iya ana ing kono iku sumelehe nganti saprene.

9. Ing sajroning pethi iku ora ana apa-apane kajaba mung watu blabagan loro kang didekek ing jero kono dening Nabi Musa ana ing gunung Horeb, yaiku watu blabagan kang katulisan prajanjian kang dianakake dening Sang Yehuwah kalawan wong Israel nalika padha metu saka ing tanah Mesir.

10. Bareng para imam padha metu saka ing pasucen, padalemane Sang Yehuwah banjur kalimputan ing mega,

11. nganti para imam ora tahan ngadeg nindakake pangibadah, marga saka mega iku, jalaran kamulyaning Yehuwah ngebeki padalemane Sang Yehuwah.

12. Ing nalika samana Sang Prabu Suleman nuli ngandika:“Pangeran Yehuwah wus mrenahake srengenge ana ing langit,nanging Panjenengane milaur dedalem ana ing pepeteng.

13. Kawula sapunika sampun yasa padaleman kagem Paduka,papan palereman Paduka ing salami-laminipun.”

14. Sawuse mangkono Sang Prabu nuli minger mberkahi sapasamuwane Israel kabeh, anadene sapasamuwane Israel kabeh padha ngadeg.

15. Sang Prabu ngandika: “Pinujia Pangeran Yehuwah, Allahe Israel, kang wus ngrampungake kalawan astane apa kang wus kapangandikakake kalawan lesane marang Sang Prabu Dawud, ramaku, mangkene:

16. Wiwit Ingsun ngirid umatingSun Israel metu saka ing tanah Mesir, ing antarane sakehe suku Israel ora ana kutha kang Sunpilih, kang bakal Sundegi padaleman kang dadi padalemaning asmaningSun, nanging Ingsun wus milih Dawud, supaya ngwasani umatingSun Israel.”

17. Sang Prabu nuli nglajengake pangandikane: “Ing nalika Sang Prabu Dawud, ramaku, kagungan karsa arep ngedegake padaleman kagem asmaning Pangeran Yehuwah Allahe Israel,

18. Pangeran Yehuwah ngandika marang panjenengane: Sira duwe karep bakal ngedegake padaleman kanggo asmaningSun, karepira mangkono iku pancen becik;

19. mung bae dudu sira kang bakal ngedegake padaleman iku, nanging anakira dhewe, kang besuk bakal lair, iku kang bakal ngedegake padaleman iku kagem asmaningSun.

maca bab lengkap 1 Para Raja 8