Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 7:5-16 Kitab Sutji (JAV)

5. Lawange lan cendhelane kabeh wangune maju pat, cendhela-cendhelane iku padha arep-arepan, telu-telu.

6. Sang Prabu uga yasa Bangsal Saka, kang dawane seket asta, lan ambane telung puluh asta. Ing ngarepe bangsal iki ana bangsale maneh kang ing sisih ngarepe ana sakane lan ana undhak-undhakane.

7. Sang Nata iya yasa Bangsal Singgangsana, papan kagem nindakake pangadilan, dadine bangsal pangadilan, kang katutup kalawan kayu eres wiwit ing jrambah nganti tekan ing kayu-kayuning epyan.

8. Dene kedhaton kang didalemi piyambak iku kaprenah ana ing plataran liyane, kepara menjero katimbang karo bangsal mau; iku patrap anggone yasa padha bae. Sabanjure putri putrane Sang Prabu Pringon, kang kapundhut garwa Sang Prabu Suleman, uga kayasakake dalem kang padha kaya bangsal mau.

9. Temboke iku mau kabeh kang digawe watu kang larang-larang regane, kang ukurane padha karo watu tatahan, kang njaba njerone kagraji nganggo graji, wiwit ngisor nganti tekan ndhuwur, lan uga saka tembok njaba nganti tekan ing temboking plataran gedhe.

10. Malah tetalese gedhong-gedhong iku kang digawe watu kang larang-larang, watu kang gedhe-gedhe, watu kang nyepuluh asta lan watu kang wolung asta.

11. Ing perangan ndhuwur ana watune kang larang-larang, kang ukurane kaya watu tatahan lan kayu eres uga.

12. Ing sakubenge plataran gedhe ana temboke watu telung sap lan kayu eres sasap. Mangkono uga ing sakubenge plataran njero padalemane Sang Yehuwah lan bangsale.

13. Sawuse mangkono Sang Prabu Suleman utusan nimbali Hiram ing Tirus,

14. iku anak randha saka taler Naftali, dene bapakne iku wong Tirus, dadi tukang tembaga. Hiram iku sugih kapinteran, pangreten lan kawruh ing bab gegawean tembaga. Iku nuli sowan marang ngarsane Sang Prabu Suleman lan banjur nindakake sakehing pagawean kagem Sang Nata.

15. Hiram tumuli yasa saka tembaga loro, dhuwure kang siji wolulas asta sarta kena diubeti tali, kang dawane rolas asta; dene saka sijine uga kaya mangkono.

16. Sawuse iku uga banjur gawe krebil loro kang kaetrapake ing saka-saka mau. Iku kang digawe tembaga cithakan, dhuwuring krebil mau kang siji limang asta, dene sijine iya limang asta.

maca bab lengkap 1 Para Raja 7