25. “Segaran” mau tumumpang ing pepethan sapi rolas, telu marep ngalor, telu marep ngulon, telu marep ngidul lan telu marep ngetan; “segarane” tumumpang ing ndhuwure, dene buntute sapi-sapi iku kabeh padha mayuk manjero.
26. Kandeling “segaran” iku saepek-epek, sarta lambene kawangun kaya lambening tuwung, kaya kembang bakung kang mekar. “Segaran” iku kena diiseni banyu rong ewu bat.
27. Sabanjure digawekake kreta-panuwak saka tembaga sepuluh, saben kreta dawane patang asta, ambane patang asta lan dhuwure telung asta.
28. Wangune kreta-panuwak iku mangkene: ana tutupe blabag kang kagapit ing wengku.
29. Tutup blabag kang kagapit ing wengku iku ana pepethaning singa, sapi lan kerub, samono uga ing wengkune; ing sadhuwure lan ing sangisore singa lan sapi iku ana pepethane gubahan kembang kang gumandhul.
30. Kreta-panuwak mau siji-sijine ana rodhane tembaga papat, indhene iya tembaga; sarta ing pojoke papat ana sanggane, kang nyangga jembangan. Sanggan-sanggan iku cithakan lan ing sisih njabane saben sanggan ana pepethane gubahan kembang.
31. Cangkeming kreta-panuwak iku ana ing jerone sanggan, nongol mendhuwur saasta; cangkeme iku bunder, minangka umpak, tuwin jerone karotengah asta; cangkeme iku uga ana ukir-ukirane, nanging tutupe blabag mau pesagi kabeh, dadi ora bunder.
32. Rodhane papat ana ing sangisore tutup blabag dene indhen-indhening rodha dumunung ana ing kreta-panuwak mau sarta dhuwuring rodha karotengah asta.
33. Anggone gawe rodha iku kaya rodhaning kreta; nanging indhen-indhene, wengku-wengkune, rujine lan bose, kabeh cithakan.
34. Sanggan papat kang ana ing pojoke papat kreta-panuwak iku panggawene kairas karo kreta iku.
35. Ing dhuwure kreta-panuwak iku ana blengkere bunder mubeng, dhuwure satengah asta; ing sadhuwure kreta iku uga ana cagak-cagake lan ana tutupe blabag kang panggawene kairas karo kreta mau.