Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 5:16-18 Kitab Sutji (JAV)

16. iku durung kapetung para kepalane mandhor Sang Prabu Suleman kang manggedheni pagawean iku, kehe ana telung ewu telung atus; iku kang padha ngulat-ulatake rakyat kang nindakake pagawean iku.

17. Sabanjure Sang Prabu dhawuh supaya wong-wong padha mbrengkali watu kang gedhe-gedhe; watu kang larang-larang kanggo dhasaring padaleman iku watu tatahan.

18. Ing kono para tukange Sang Prabu Suleman lan para tukange Sang Prabu Hiram sarta para wong Gebal padha natahi kayu lan watu kanggo nyadhiyani adege padaleman mau.

maca bab lengkap 1 Para Raja 5