Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 5:11-13 Kitab Sutji (JAV)

11. Dene Sang Prabu Suleman banjur nyaosi marang Sang Prabu Hiram gandum rong puluh ewu kor, bahan pangan kanggo saisining kraton, lan lenga cocohan rong puluh kor; iku kang dicaosake dening Sang Prabu Suleman marang Sang Prabu Hiram ing saben taun.

12. Anadene Sang Yehuwah paring kawicaksanan marang Sang Prabu Suleman kaya kang kaprasetyakake marang panjenengane; dadine Sang Prabu Hiram lan Sang Prabu Suleman iku rukun, karo-karone banjur nganakake prajanjian.

13. Sang Prabu Suleman nuli nimbali wong nyangga karya saka ing satanah Israel kabeh, cacahe wong mau ana telung puluh ewu.

maca bab lengkap 1 Para Raja 5