Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 5:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita Sang Prabu Hiram, ratu ing nagara Tirus, utusan para punggawane sowan menyang ing ngarsane Sang Prabu Suleman, amarga midhanget, manawa Sang Prabu Suleman wus jinebadan dadi ratu nggentosi kang rama, sabab Sang Prabu Hiram iku tansah memitran kalawan Sang Prabu Dawud.

2. Sang Prabu Suleman banjur utusan marang ing ngarsane Sang Prabu Hiram, kadhawuhan matur:

3. “Panjenengan mirsa, bilih Rama Dawud, rama kula, boten saged ngedegaken padaleman kagem asmanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun, amargi mengsahipun sami merangi panjenenganipun saking pundi-pundi, satemah lajeng kaulungaken dening sang Yehuwah dhateng ing sangandhaping sampeyanipun.

4. Nanging sapunika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, sampun maringi katentreman dhumateng kula wonten ing pundi-pundi, sampun boten wonten mengsah malih saha boten wonten kasangsaran malih ingkang tumempuh.

5. Saha kauningana, kula manah-manah badhe ngedegaken padaleman kagem asmanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kula, kadosdene ingkang sampun kaprajanjekaken dening Sang Yehuwah dhateng Rama Dawud, rama kula, makaten: Anakira kang mengko bakal Sunlungguhake ing dhamparira dadi gegentinira, iku kang bakal ngyasakake padaleman kagem asmaningSun.

6. Awit saking punika panjenengan mugi karsaa paring dhawuh negor wit-wit eres ing redi Libanon, tuwin tiyang kula kajengipun sami mbiyantu para abdi panjenengan, wondene epahipun kangge para abdi panjenengan badhe kula caosaken dhateng panjenengan, sapinten kemawon pamundhut panjenengan, amargi panjenengan uninga, bilih panunggilan kula boten wonten ingkang saged negor wit-witan kadosdene tiyang ing Sidon.”

maca bab lengkap 1 Para Raja 5