Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 22:9-17 Kitab Sutji (JAV)

9. Sang Nata ing Israel nuli nimbali sawijining punggawa kraton, dhawuhe: “Mikha bin Yimla iku dienggal paranana!”

10. Nalika Sang Nata ing Israel lan Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, padha lenggah ing dhampare piyambak-piyambak kalawan ngagem busana kaprabon, ana ing panuton ing sangarepe gapura Samaria, kaadhep dening sakehing nabi kang padha memeca,

11. Zedekia bin Kenaana gawe rerekan sungu wesi lan banjur munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Kalawan sungu iki sira bakal nyundhangi Aram nganti padha sirna kabeh.”

12. Sakehe para nabi iya padha meca mangkono, unjuke: “Kawula aturi nglurug dhateng ing Ramot-Gilead, paduka badhe angsal damel; Pangeran Yehuwah badhe ngulungaken ing astanipun Sang Prabu.”

13. Utusan kang lunga nimbali Nabi Mikha mau matur marang panjenengane: “Kauningana, para nabi sampun sami saiyeg nglairaken pameca ingkang sae tumrap Sang Prabu, panjenengan mugi inggih mecaa ingkang sami kaliyan satunggal-satunggalipun para nabi wau mugi inggih mecaa ingkang sae.”

14. Nanging Nabi Mikha mangsuli pangandikane: “Demi Yehuwah kang gesang, apa kang bakal dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang aku, yaiku kang bakal dakucapake.”

15. Bareng wus sowan ana ing ngarsane Sang Prabu, Sang Prabu ndangu: “Mikha, apa ingsun padha kena nglurug perang nglawan Ramot-Gilead, apa prayoga padha sunsandekake?” Atur wangsulane: “Sumangga, kawula aturi tindak, panjenengan dalem badhe angsal damel, sabab Pangeran Yehuwah badhe masrahaken ing astanipun Sang Prabu.”

16. Nanging Sang Prabu ngandika marang panjenengane: “Nganti ping Pira ingsun ndhawuhi sumpah marang sira, supaya sira matur marang ingsun kang sanyatane bae demi asmaning Sang Yehuwah?”

17. Ing kono Nabi Mikha banjur munjuk: “Kawula sampun ningali tiyang Israel sadaya sami buyar pating slebar wonten ing redi-redi kados menda-menda ingkang boten wonten pangenipun, awit saking punika Pangeran Yehuwah ngandika: Iku ora padha duwe gusti; cikben padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe kanthi slamet.”

maca bab lengkap 1 Para Raja 22