Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 22:51-54 Kitab Sutji (JAV)

51. Sang Prabu Yosafat banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure, sarta kasarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, rama leluhure, nuli Pangeran Yoram kang putra, jumeneng ratu, nggentosi panjenengane.

52. Sang Prabu Ahazia, putrane Sang Prabu Akhab, anggone wiwit jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria nalika taun kang kaping pitulase jamane Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda sarta anggone ngasta paprentahan ing Israel suwene rong taun.

53. Panjenengane iku nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Pangeran Yehuwah sarta sugenge nulad tindake kang rama lan kang ibu sarta tindake Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang wus njalari wong Israel padha nglakoni dosa.

54. Panjenengane ngabekti marang Baal lan sujud nyembah marang iku; iki kang nuwuhake gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allah Israel, plek kaya kang katindakake dening kang rama.

maca bab lengkap 1 Para Raja 22