Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 22:39-53 Kitab Sutji (JAV)

39. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Akhab dalah sakehing pandamele sarta kadhaton gadhing lan sakehe kutha kang diedegake, iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

40. Kaya mangkono Sang Prabu Akhab anggone kepareng ngaso nunggil kalawan para leluhure, banjur kang putra Pangeran Ahazia kang jumeneng nggentosi panjenengane.

41. Sang Prabu Yosafat, putrane Sang Prabu Asa, anggone jumeneng ratu ing Yehuda ing taun kang kaping pate jumenenge Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel.

42. Nalika wiwit jumeneng dadi ratu iku Sang Prabu Yosafat yuswa telung puluh lima taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase salawe taun. Kang ibu asma Azuba, putrane putri Silkhi.

43. Sang Prabu sugenge nulad kang rama, Sang Prabu Asa; ora nyimpang saka iku tuwin nindakake apa kang bener ana ing paningaling Sang Yehuwah.

44. Mung bae tengger-tengger pangurbanan ora disingkirake. Wong isih padha sesaji lan ngobong kurban ana ing tengger-tengger iku.

45. Sabanjure Sang Prabu Yosafat sugenge tansah rukun karo ratu ing Israel.

46. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yosafat lan anggone ngatingalake kaprawirane sarta anggone andon perang, iku rak wus katulisan ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

47. Sarta sakekarening pelacuran kanggo ngibadah kang isih ana wiwit jamane Sang Prabu Asa, kang rama, iku iya kasingkirake saka ing nagara.

48. Nalika samana ing tanah Edom ora ana ratune, dene kang dadi ratu iku sawijining kepala dhaerah.

49. Sang Prabu Yosafat yasa kapal-kapal Tarsis kanggo lelayaran menyang Ofir prelu njupuki emas, nanging ora sida mrana, sabab kapal-kapal mau padha pecah ana ing Ezion-Geber.

50. Nalika iku Sang Prabu Ahazia, putrane Sang Prabu Akhab, ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Manawi kepareng, tiyang-tiyang kula kajengipun mangkat sesarengan kaliyan tiyang-tiyang panjenengan mawi baita-baita punika.” Nanging Sang Prabu Yosafat ora marengake.

51. Sang Prabu Yosafat banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure, sarta kasarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, rama leluhure, nuli Pangeran Yoram kang putra, jumeneng ratu, nggentosi panjenengane.

52. Sang Prabu Ahazia, putrane Sang Prabu Akhab, anggone wiwit jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria nalika taun kang kaping pitulase jamane Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda sarta anggone ngasta paprentahan ing Israel suwene rong taun.

53. Panjenengane iku nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Pangeran Yehuwah sarta sugenge nulad tindake kang rama lan kang ibu sarta tindake Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang wus njalari wong Israel padha nglakoni dosa.

maca bab lengkap 1 Para Raja 22