Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 22:24-42 Kitab Sutji (JAV)

24. Sawuse mangkono Zedekia bin Kenaana maju lan napuk Nabi Mikha kalawan ngucap: “Mangsa Rohing Yehuwah kok pindhah saka aku banjur ngandika marang kowe!”

25. Nanging Nabi Mikha mangsuli pangandikane: “Lah kowe bakal nyumurupi samangsa kowe lumayu saka ing kamar siji menyang ing kamar sijine arep ndhelik.”

26. Sang Nata ing Israel tumuli dhawuh: “Cekelen Mikha iku, balekna marang Amon, kang nyekel pangwasa ing kutha, sarta marang Yoas, putrane Sang Prabu lan tutura:

27. Mangkene dhawuhe Sang Prabu: Wong iki lebokna ing pakunjaran lan wenehana mangan roti lan ngombe banyu sarwa sathithik nganti ingsun kondur kanthi slamet.”

28. Nanging unjuke Nabi Mikha: “Manawi panjenengan dalem saestu kondur kanthi rahayu, Pangeran Yehuwah temtu boten ngandika lumantar kawula.” Banjur nglajengake pangandikane: “Rungokna, he bangsa-bangsa kabeh!”

29. Sawuse mangkono Sang Prabu ing Israel bebarengan karo Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, tindak nglurug menyang ing Ramot-Gilead.

30. Sang Nata ing Israel ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Kula badhe nyamur lampah lan majeng perang, dene panjenengan kula aturi mangagem busananing kaprabon panjenengan.” Sang Nata ing Israel nuli nyamur lampah lan majeng perang.

31. Anadene ratu ing nagara Aram wus paring dhawuh marang para panggedhening wadyane kretan, kang cacahe telung puluh loro, mangkene: “Sira aja padha perang nglawan sapa bae, kajaba mung nglawan marang ratu ing Israel bae.”

32. Bareng para panggedhening wadya kretan padha ndeleng Sang Prabu Yosafat, banjur padha alok: “Lah iku mesthi ratu ing Israel!” Mulane nuli padha ngangseg arep nempuh panjenengane, nanging Sang Prabu Yosafat banjur nguwuh-uwuh.

33. Bareng para panggedhening wadya kretan weruh, manawa iku dudu ratu ing Israel, tumuli padha mundur saka ing ngarsane.

34. Nanging banjur ana wong kang menthang gendhewane lan nglepasake panahe tanpa tujuan kang gumathok; iku ngenani Sang Nata ing Israel ing antarane sambungane ageme kere. Sang Prabu nuli ngandika marang kusiring titihane kreta: “Mingera, ingsun gawanen metu saka ing paprangan, sabab ingsun wus ketaton.”

35. Nanging perang ing dina iku sangsaya rame, dene Sang Prabu tetep jumeneng jejeg ana ing kretane adhep-adhepan karo wadya-bala Aram, nganti sasedane ing wayah sore. Rahe mili saka ing tatune menyang ing dhasaring kreta.

36. Nalika watara wayah suruping srengenge, ing sauruting pabarisan keprungu alok-alok: “Padha bali menyang ing kuthane dhewe-dhewe, menyang ing nagarane dhewe-dhewe! Sang Prabu wus seda!”

37. Banjur padha mulih menyang ing Samaria lan nyarekake Sang Prabu ana ing Samaria.

38. Nalika kreta mau kakumbah ana ing sapinggiring tlaga Samaria, rahe Sang Prabu kadilatan ing asu; kala samana para wanita-tunasusila lagi padha adus ana ing kono, ngetrepi pangandikane Pangeran Yehuwah kang wus kalairake.

39. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Akhab dalah sakehing pandamele sarta kadhaton gadhing lan sakehe kutha kang diedegake, iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

40. Kaya mangkono Sang Prabu Akhab anggone kepareng ngaso nunggil kalawan para leluhure, banjur kang putra Pangeran Ahazia kang jumeneng nggentosi panjenengane.

41. Sang Prabu Yosafat, putrane Sang Prabu Asa, anggone jumeneng ratu ing Yehuda ing taun kang kaping pate jumenenge Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel.

42. Nalika wiwit jumeneng dadi ratu iku Sang Prabu Yosafat yuswa telung puluh lima taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase salawe taun. Kang ibu asma Azuba, putrane putri Silkhi.

maca bab lengkap 1 Para Raja 22