Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 22:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene sabanjure nganti telung taun lawase tentrem ora ana perang ing antarane Aram lan Israel.

2. Ing taun kang katelune Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, tindak maratamu marang ratu ing Israel.

3. Sang Nata ing Israel ngandika marang para punggawane: “Apa sira padha sumurup, manawa Ramot-Gilead iku satemene kita kang ndarbeni? Nanging kita kok meneng bae ora kita rebut saka ing tangane ratu ing nagara Aram.”

4. Banjur ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Punapa panjenengan karsa tindak sesarengan kaliyan kula nglurugi Ramot-Gilead?” Paring wangsulane Sang Prabu Yosafat marang ratu ing Israel: “Kita punika sami, kula kaliyan panjenengan, rakyat kula kaliyan rakyat panjenengan, kapal kula kaliyan kapal panjenengan.”

5. Nanging Sang Prabu Yosafat ngandika marang ratu ing Israel: “Prayoginipun miterang rumiyin kados pundi pangandikaning Pangeran Yehuwah.”

6. Sang Prabu ing Israel nuli ngempalake para nabi, cacahe kira-kira ana patang atus, iku nuli padha didangu: “Apa ingsun kena mangkat perang nglawan Ramot-Gilead apa becik sunwurungake?” Atur wangsulane: “Sumangga, kawula aturi tindak! Pangeran badhe ngulungaken ing astanipun Sang Prabu.”

7. Nanging Sang Prabu Yosafat banjur ndangu: “Punapa ing ngriki boten wonten malih satunggaling nabinipun Pangeran Yehuwah, ingkang saged dados lantaran anggen kita saged nyuwun pitedah?”

8. Pangandikanipun Sang Nata Israel marang Sang Prabu Yosafat: “Taksih wonten satunggal, ingkang saged dados lantaran anggen kita nyuwun pitedahipun Pangeran Yehuwah. Nanging kula sengit dhateng tiyang punika, awit boten nate meca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung kacilakan, inggih punika Mikha bin Yimla.” Pangandikanipun Sang Prabu Yosafat: “Sang Prabu sampun ngandika makaten.”

9. Sang Nata ing Israel nuli nimbali sawijining punggawa kraton, dhawuhe: “Mikha bin Yimla iku dienggal paranana!”

maca bab lengkap 1 Para Raja 22