Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 21:24-29 Kitab Sutji (JAV)

24. Panunggalane kulawargane Akhab kang mati ana ing kutha, bakal kapangan ing asu, dene kang mati ana ing ara-ara bakal kamangsa dening manuk ing awang-awang.”

25. Sanyatane pancen durung tau ana wong kang kaya Sang Prabu Akhab anggone ndadekake sarirane dadi budhak kanthi patrap nglakoni apa kang ala ana ing paningale Pangeran Yehuwah, marga saka anggone wus diojok-ojoki dening Sang Putri Izebel, kang garwa.

26. Malah panjenengane wus nglampahi kang nistha banget, yaiku anggone ngetut buri para brahala, plek kaya kang dilakoni dening wong Amori kang wus kakesahake dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.

27. Bareng Sang Prabu Akhab midhanget pangandika iku, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan ngagem bagor sarta siyam. Malah anggone sare uga ngagem bagor, tuwin manawa lumampah alon-alonan.

28. Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Elia, wong Tisbe, mangkene:

29. “Apa sira wus sumurup, manawa Akhab ngesorake awake ana ing ngarsaningSun? Ing sarehne wong iku wus ngesorake awake ana ing ngarsaningSun, Ingsun ora bakal ndhatengake bilai ing sajrone dheweke isih urip. Besuk ing jamane anake Ingsun bakal ndhatengake bilai marang kulawargane.”

maca bab lengkap 1 Para Raja 21