Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 21:21-27 Kitab Sutji (JAV)

21. Lah Ingsun bakal nekakake bilai marang sira. Sira bakal Sunsirnakake, samono uga saben wong lanang saka ing panunggalane turune Akhab bakal Suntumpes, iya kang dhuwur iya kang asor kalungguhane ana ing Israel.

22. Sarta kulawarganira bakal Sundamel kaya kulawargane Yerobeam bin Nebat tuwin kaya kulawargane Baesa bin Ahia, amarga sira gawe gerahing panggalihingSun, sarta njalari wong Israel padha nglakoni dosa.

23. Ugi tumrap Sang Putri Izebel Pangeran Yehuwah sampun ngandika: Izebel bakal kapangan ing asu ana ing temboking jaba Yizreel.

24. Panunggalane kulawargane Akhab kang mati ana ing kutha, bakal kapangan ing asu, dene kang mati ana ing ara-ara bakal kamangsa dening manuk ing awang-awang.”

25. Sanyatane pancen durung tau ana wong kang kaya Sang Prabu Akhab anggone ndadekake sarirane dadi budhak kanthi patrap nglakoni apa kang ala ana ing paningale Pangeran Yehuwah, marga saka anggone wus diojok-ojoki dening Sang Putri Izebel, kang garwa.

26. Malah panjenengane wus nglampahi kang nistha banget, yaiku anggone ngetut buri para brahala, plek kaya kang dilakoni dening wong Amori kang wus kakesahake dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.

27. Bareng Sang Prabu Akhab midhanget pangandika iku, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan ngagem bagor sarta siyam. Malah anggone sare uga ngagem bagor, tuwin manawa lumampah alon-alonan.

maca bab lengkap 1 Para Raja 21