Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 21:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono banjur ana lelakon mangkene: Nabot, wong Yizreel, duwe kebon anggur ana ing Yizreel, ing sandhinge kratone Sang Prabu Akhab, ratu ing Samaria.

2. Sang Prabu Akhab ngandika marang Nabot: “Kebon anggurira iku caosna marang ingsun, arep sundadekake kebon sayuran, sabab dumunung ing sacedhake kadhatoningsun. Sira bakal sunparingi kebon anggur kang luwih becik tinimbang iku minangka gantine, utawa manawa sira luwih seneng, ingsun bakal maringi dhuwit marang sira, sapira pangajine.”

3. Unjuke Nabot marang Sang Prabu Akhab: “Pangeran Yehuwah mugi nebihna kawula saking punika, inggih punika manawi kawula ngantos nyaosaken warisan saking para leluhur kawula dhumateng panjenengan dalem.”

4. Sang Prabu Akhab nuli kondur ngedhaton kalawan panggalih rengu lan mendhekel marga saka ature Nabot, wong Yizreel mau marang panjenengane: “Warisan saking para leluhur kawula punika boten badhe kawula caosaken ing ngarsa dalem.” Sang Prabu banjur leyeh-leyeh ing pasareane kalawan ungkeb-ungkeb sarta ora karsa dhahar.

5. Sang Putri Izebel, kang garwa tumuli marak marang ing ngarsane sarta matur marang panjenengane: “Punapa sababipun dene panjenengan dalem rengu, satemah lajeng boten karsa dhahar?”

6. Paring wangsulane Sang Prabu marang Sang Putri: “Marga ingsun wus ngandika marang Nabot, wong Yizreel iku: Kebon anggurira iku caosna marang ingsun kalawan suntumbas, utawa manawa sira luwih seneng, sira bakal sunparingi kebon anggur minangka ijole. Nanging ature: Kebon anggur kawula punika boten badhe kawula caosaken dhumateng panjenengan dalem.”

7. Sang Putri Izebel, kang garwa, matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem rak ingkang sapunika ngasta pangwaosing karajan wonten ing Israel? Sumangga, kawula aturi wungu, sarta dhahar punapa dene dipun eca ing panggalih! Kawula ingkang badhe ngunjukaken dhumateng panjenengan dalem kebon angguripun Nabot tiyang Yizreel punika.”

8. Sawuse mangkono Sang Putri banjur damel serat atas asmane Sang Prabu Akhab, nuli disegel kanthi segeling karajan, tumuli dikintunake marang para pinituwa lan para panggedhe ing kutha panggonane Nabot.

9. Layang mau surasane mangkene: “Sira padha ngundhangna puwasa lan Nabot iku lungguhna ana ing ngarepe rakyat.

maca bab lengkap 1 Para Raja 21