Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 18:8-23 Kitab Sutji (JAV)

8. Paring wangsulane Nabi Elia: “Iya bener! Mangkata, matura marang gustimu: Punika Nabi Elia wonten.”

9. Nanging ature Sang Obaja: “Kula nglampahi dosa punapa ta, dene panjenengan badhe ngulungaken ingkang abdi punika dhumateng Sang Prabu Akhab, supados kula dipun pejahi?

10. Demi Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang gesang, saestunipun boten wonten bangsa utawi karajan, ingkang boten dipun dhatengi utusanipun gusti kula Sang Prabu Akhab prelu ngupadosi panjenengan. Sarta manawi wonten tiyang ingkang munjuk: Panjenenganipun boten wonten ing ngriki, Sang Prabu lajeng dhawuh dhateng karajan utawi bangsa punika supados sumpah, bilih panjenengan boten pinanggih wonten ing ngriku.

11. Mangka sapunika panjenengan kok dhawuh: Mangkata, matura marang gustimu: Nabi Elia punika wonten.

12. Bokmanawi saged kelampahan, manawi kula sampun kesah saking ngarsa panjenengan, Rohipun Pangeran Yehuwah lajeng ngangkat panjenengan dhateng panggenan ingkang kula dereng sumerep. Manawi kula ngantos sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Akhab tuwin ngaturi uninga bab panjenengan, sarta panjenengan boten wonten, kula temtu badhe dipun pejahi, mangka ingkang abdi punika wiwit alit ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah.

13. Punapa bendara kula boten kaaturan uninga bab punapa ingkang kula lampahi nalika Sang Prameswari Izebel mejahi para nabining Yehuwah, bilih kula ndhelikaken nabi-nabining Yehuwah satus wonten ing salebeting guwa, saben sagrombolan seket, sarta rumeksa ugi dhateng tedha saha ngombenipun?

14. Mila sapunika, punapa sababipun, dene panjenengan punika dhawuh: Mangkata, matura marang gustimu: Punika Nabi Elia wonten! Kula temtu dipun pejahi dening Sang Prabu.”

15. Paring wangsulane Nabi Elia: “Demi Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah kang gesang, kang dakladeni, lah ing dina iki uga aku bakal ngaton marang panjenengane.”

16. Sang Obaja banjur mangkat lan sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Akhab tuwin ngunjuki uninga bab iku. Sang Prabu Akhab nuli tindak manggihi Nabi Elia.

17. Bareng Sang Prabu Akhab mirsa Nabi Elia, enggal tumuli ngandika marang panjenengane: “Kowe ta iku, heh wong kang gawe cilakaning Israel!”

18. Nabi Elia mangsuli unjuke: “Sanes kawula ingkang damel cilakaning Israel, nanging panjenengan dalem punika saha kulawarga dalem, sabab panjenengan dalem sampun sami nilar dhawuh-dhawuhipun Pangeran Yehuwah saha panjenengan dalem punika sampun ngetut wingking para Baal.

19. Awit saking punika panjenengan dalem mugi karsaa nglempakaken tiyang Israel sadaya wonten ing redi Karmel, ugi para nabining Baal ingkang cacahipun kawan atus seket punika saha para nabinipun Asyera ingkang cacahipun kawan atus punika, ingkang sami kaparingan tedha saking ing mejaning kratonipun Sang Prameswari Izebel.”

20. Sang Prabu Akhab tumuli utusan menyang ing sawewengkoning Israel kabeh kadhawuhan nglumpukake nabi-nabi iku menyang ing gunung Karmel.

21. Nabi Elia banjur nyelaki rakyat kabeh lan ngandika: “Isih pira suwene anggonmu padha laku dhengkling lan mangro tingal iku? Manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, iku etut burinen, dene manawa Baal, iku etut burinen.” Nanging rakyat ora ngaturi wangsulan sanadyan mung sakecap bae.

22. Nabi Elia banjur ngandika marang rakyat iku: “Mung kari aku dhewe kang dadi nabining Pangeran Yehuwah, mangka nabine Baal iku cacahe patang atus seket.

23. Nanging, coba aku padha wenehana sapi lanang loro; nabi-nabi iku cikben milih siji, supaya dipurak lan ditumpangake ing kayune, nanging aja digeneni. Aku iya bakal nyawisake sapi sijine lan banjur daktumpangake ing kayune sarta uga ora dakgeneni.

maca bab lengkap 1 Para Raja 18