Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 18:35-46 Kitab Sutji (JAV)

35. nganti banyune mili ing sakubenge misbyah, malah kalenane nganti kebak banyu.

36. Bareng wus wayahe nyaosake kurban sore, Nabi Elia banjur majeng lan munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak saha Israel, ing dinten punika mugi kasumerepana dening tiyang, bilih Paduka punika Gusti Allah wonten ing satengahing Israel saha bilih kawula punika abdi Paduka punapa dene bilih anggen kawula nindakaken prakawis punika sadaya punika awit saking pangandika Paduka.

37. Paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, supados bangsa punika nyumerepana, bilih Paduka punika Gusti Allah, dhuh Yehuwah, saha bilih Paduka ingkang damel mratobating manahipun.”

38. Ing kono genining Sang Yehuwah banjur tumurun lan nyamber kurban obaran, kayu-bong, watu lan lemahe nganti entek gusis, malah banyu ing kalenane uga asat kadilat ing geni mau.

39. Nalika rakyat kabeh ndeleng kadadean iku, tumuli padha sujud sarta ngucap: “Pangeran Yehuwah, Panjenengane iku Gusti Allah! Pangeran Yehuwah, Panjenengane iku Gusti Allah!”

40. Nabi Elia tumuli ngandika marang wong kabeh: “Cekelen nabi-nabi Baal iku, siji bae aja nganti ana kang bisa oncat.” Bareng wus padha dicekel, banjur dibekta dening Nabi Elia menyang ing kali Kison sarta kabeleh ana ing kono.

41. Sawuse mangkono Nabi Elia nuli matur marang Sang Prabu Akhab: “Kawula aturi tindak, dhahar saha ngunjuk, awit kumrasaking jawah sampun kepireng.”

42. Sang Prabu Akhab banjur tindak tuwin dhahar lan ngunjuk. Nanging Nabi Elia minggah ing pucaking gunung Karmel, banjur jengkeng ing lemah, pasuryane kaapit ing jengkune.

43. Sawuse iku nuli ngandika marang abdine: “Munggaha, ndelenga ing sagara.” Abdine mau banjur munggah, ngungak banjur matur: “Boten wonten punapa-punapa.” Pangandikane Nabi Elia: “Mangkata maneh.” Mangkono nganti rambah kaping pitu.

44. Bareng kaping pitune, abdine mau matur: “Lah wonten mega alit, agengipun saepek-epek, ingkang medal saking saganten.” Nabi Elia nuli ngandika: “Mangkata, matura marang Sang Prabu Akhab: Paduka karsaa ngrakit kareta titihan dalem saha kawula aturi tindak tumedhak, supados sampun ngantos kebetheng ing jawah.”

45. Kacarita ing sakedhap netra langit banjur dadi peteng marga saka mendhung kanthi prahara, tumuli udan deres. Sang Prabu Akhab banjur nitih kreta lan tindak menyang ing Yizreel.

46. Nanging Nabi Elia kaayoman ing pangwaosing Pangeran Yehuwah. Panjenengane ngencengake paningsete banjur lumajeng ngrumiyini Sang Prabu Akhab nganti tekan ing dalan kang menyang ing Yizreel.

maca bab lengkap 1 Para Raja 18